Pandhita Misik Sucèng Tyas.

 

BOEKOE SITI DJENAR INGKANG TOELEN

Sitijênar, Mangoenwidjaja, 1931

BOEKOE SITI DJENAR INGKANG TOELÈN

Anggitanipun Kangjêng Sunan Giri Kadhaton,

panganggitipun nalika ing warsa 1457,

sinêngkalan Pandhita Misik Sucèng Tyas.

 
 

Cap-capan ingkang kaping pindho.

 
 

KAWÊDALAKÊN SARTA KASADE DENING:

TAN KHOEN SWIE ING KÊDIRI 1931.

 
 

Penerbit: Tan Khoen Swie, – Kêdiri

 
 

۞۞ Pupuh 01 ۞۞

Asmaradana [1]

1. sêngsêming tyas kumawa mrih | amanitrèng laku tama | dimèn antuk artining rèh | anglêluri jaman kuna | kênia winaspada | mamrih dadya jati tutur | dimèn wikan yakinira ||

2. mangkya kang pinurwèng ruwi | carita Sèh Siti Jênar | jinarwa jinèrèng manèh | mèt carita kang sawantah | saking srat Walisana | sanadyan ta nguni uwus | kèh sarjana kang ngrumpaka ||

3. tataning rèh Sèh Siti Brit | lir yasan sang kasusrèng rat | Ki Sasrawijaya Ngijon | dyan winangun malih marang | Kiyai Mangunwijaya |[2] ing kitha Wanarga dunung | ananging sajatinira ||

4. punika maksih nalisir | saking talêring ruwiya | dene ta ingkang sayêktos | mung kang kawrat Walisana | yasanira jêng sunan | ing Giri Gajah rumuhun | rikala candra sangkala ||

5. ing warsa Wawu winilis | pandhita misik sucèng tyas |[3] yeka ingkang salêrêse | nanging ta para sarjana | kang mêdhar caritanya | Sèh Siti Bang wali luhung | kadya kang kawahyèng ngarsa ||

6. yêktine ya wus udani | mangsa ta muta tulia | dene dènnya mêksa gèsèh | mung anjarag nawur wulang | wênganing tyas pra mudha | karya sasandhaning wuruk | asasèndhèn wali tama ||

7. sinalinan solan-salin | salsilahe ngèlmu tama | dimèn mêmêt panggilute | marma dhuh para taruna | darbea tyas saranta | ywa kasusu mosra-masru | ngarani para sarjana ||

8. panganggite muta tuli | ngarang wuruk ngayawara | wêwarah tan sabênêre | dhuh anggèr aywa mangkana | yèn sira anungkara | pustaka yasèng pra luhung | jingglêngên surasanira ||

9. rasane lan rasa jati | patitisna kang sanyata | yèn wus antuk lan rasane | iku bae êmatêna | ywa mikir kang kinandha | nadyan dora lawan tuhu | jaragan dadi dongengan ||

10. kaya-kaya lakon ringgit | kang inganggit pra sujana | iku kabèh wus malèsèt | saking têtalêsing kuna | pêrlune mung kinarya | mèt balungan mrih linuhung | dènnyarsa mêlêng wêwulang ||

11. mangkya èsthine kang mamrih | caritane Sèh Siti Bang | mèt babon kang kacariyos | jroning layang Walisana | dadya kang winicara | kacarita duk ing dangu | Kangjêng Sunan Giri Gajah ||

12. adarbe siswa sawiji | saking tanah Siti Jênar | wus kasub sugih kasêktèn | nama Kasan Ali Saksar | katêlah Siti Jênar | iya Sang Sèh Siti Luhung | iya karan Sèh Lêmah Bang ||

13. ya Lêmah Bang Lêmah Kuning | tan ana prabedanira | Sèh Lêmah Bang salamine | anênuwun dêdunungan | rahsane ngèlmu rasa | ugêr-ugêring tumuwuh | Jêng Suhunan Giri Gajah ||

14. dèrèng lêga ing panggalih | wrin sêmune Sèh Lêmah Bang | watêk wus akèh sikire | marmane datan sinungan | bok sak-sok buwang sasab | ngilangkên ling-aling agung | tan anganggo masa kala ||

15. tyasira dahat rudatin | sira wau Sèh Lêmah Bang | anuwun-nuwun tanpolèh | rumasa tuna ing gêsang | dadya sêdya nêmpuh byat | namur amèt momor sambu | atindak karti sampeka ||

16. duk samana Sunan Giri | nuju ing ari Jumungah | pan arsa mêjang muride | Sèh Lêmah Bang angrêrêpa | duh pukulun jêng sunan | bilih kêparêng saarju | ulun bela puruhita ||

17. ngandika Jêng Sunan Giri | Allah durung pasang yogya | amêjanga dina kiye | marang ing pamintanira | wau ta Sèh Lêmah Bang | angrasa yèn pinakewuh | butêng êru kabatinan ||

18. lajêng kesah marang jawi | locitanira ing driya | yèn mangkono tanpa gawe | ngawit-awiti wus lawas | tiwas datanpa tuwas | mèt wasana pijêr kawus | rewa-rewa ingewanan ||

19. mêjang miji para kaji | sabên ing ari Jumungah | tan kêna manjing sêraos | rumangsa yèn tan kinarsan | bêcik sun cidranana | tan ana druakanipun | mêmikani pangawikan ||

20. Sèh Lêmah Bang wus udani | panggenan pamêjangira | amatêk aji sikire | sanalika malih warna | arupa dindang seta | manggon ing panggonanipun | pamêjanganing jêng sunan ||

21. ciptane wus tan udani | dènira tingkah mangkana | Jêng Sunan Giri Kadhaton | yêkti datan kêkilapan | solahe Sèh Lêmah Bang | angandika jêng sinuhun | mring sagung para sakabat ||

22. hèh ta kawruhana sami | ingsun tan sida amêjang | nora enak atiningong | besuk ing Jumungah ngarsa | sida pamêjang ingwang | dadya bubaran pra kaum | praptaning ari Jumungah ||

23. kadhatêngan para wali | sêdya pagunêman rahsa | angumpulakên kawruhe | sampun amanggih sulaya | dadining rêmbagira | Sunan Giri aturipun | inggih sumangga ing karsa ||

24. nanging ulun nuwun alim | sêdya amêjang sêkabat | sarèhne sampun mangsane | kang para wali sadaya | jumurung ngayubagya | Sunan Giri têdhak gupuh | maring pamêjanganira ||

25. angumpulakên ngulami | wau ta Sang Sèh Lêmah Bang | datan kandhêg panêdyane | dènnyarsa mêthêt sarahsa | nulya mancala warna | pan arupa cacing kalung | singidan soring pratala ||

26. tan ana janma udani | mung Jêng Sunan Giri Gajah | kang wrin sasolah tingkahe | nanging tan ing munasika | rèhning wus janjinira | maringkên nugrahan agung | maring sakabat taruna ||

۞۞ Pupuh 01 ۞۞

S i n o m [4]

1. hèh ta padha kawruhana | dununge kang nungkat gaib | pan aputih warnanira | dene gêdhene rininci | mungguh ing jagad iki | tinandhinga pirang èwu | yuta alam tan timbang | têgêse kang nungkat gaib | apan saking gaibing kang kanyataan ||

2. istiarah tan kajaba | istiarah tan umanjing | istiarah tan kawêdal | tan kajro istiarahing | sayêkti luwih gaib | tan owah gingsir puniku | langgêng tanpa karana | kang jumênêng ki rokhani | apa rupanira duk nalikèng dunya ||

3. nora owah sêbutira | cahya mancorong nêlahi | lir êmas binabar anyar | dene ta ingkang rokhani | pan Mukhamad sajati | aja êsak aja masgul | ananging kawruhana | sahing tekad kang prêmati | pan lêlima prakara rubedanira ||

4. ingkang dhingin katon pisah | katon tunggal kaping kalih | kaping tri katon tan pisah | ping pat mêtu katon yêkti | kaping limanirèki | katon mêtokakên iku | lah padha dèn budia | sakabèhe para murid | aja pêgat gonira musawaratan ||

5. yèn darbe panêmu sira | sêmantakna mring sêsami | lah ta manèh kawruhana | asma pêpitu puniki | Allah ingkang rumiyin | ping ro wujud mokal iku | wujud ilapi trinya | kaping pate roh ilapi | kaping lima pan iya akyan sabitah ||

6. kaping nêm akyan kajiyah | kaping pitune winarni | pan Allah lawan Mukhamad | iku dèn budia sami | matur kang para murid | pukulun saèstunipun | kajarwanana pisan | kantênanipun nampèni | botên beda dadining pambudinira ||

7. Jêng Sunan Giri ngandika | mungguh artining kang yêkti | Allah pan jatining aran | liring wujud mokal nênggih | Pangeran kang sajati | liring wujud ilapiku | jatining warna rupa | dening aran roh ilapi | yaiku sajatine urip kita ||[5]

8. dene ta akyan sabitah | sajatining ana yêkti | mungguh akyan kajiriyah | lire wayangan kang pasthi | Allah Mukhamad liring | ya Allah rasulullahu | ing bedaning panunggal | Allah sarira sayêkti | ing têgêse salira puniku rahsa ||

9. iya sajrone kang rahsa | iku mapan datullahi | datullah dat rasulullah | karo pan dadi sawiji | artine kang sajati | kang apurba langgêng ingsun | purba jati wisesa | sajatining nungkat gaib | dèn pracaya tan liyan yêkti punika ||

10. pra sakabat duk miyarsa | sabdane Jêng Sunan Giri | tanggap atampi nugraha | mathêm dènira mêmundhi | wasana matur malih | dhuh pukulun Jêng Sinuhun | balik ingkang punika | pan sampun tuwan logati | kang rumiyin rubeda gangsal prakara ||

11. kawijangna babar pisan | supados lajêng gumlindhing | botên rêndhêt angalêndhang | sagêd bunar sukci wêning | ngandika Sunan Giri | iku tan kêna winuwus | kudu kanthi nugraha | têmune sira pribadi | mêngko lagi durung kêna kabukaa ||

12. padha anggitên priyangga | kasaru sampun byar enjing | Kangjêng Sunan Giri Pura | kondur ing dalêmirèki | bubaran para murid | sowang-sowangan umantuk | warnanên Sèh Lêmah Bang | nênggih kang alaku sandi | lajêng mêdal saking sajroning pratala ||

13. wus awarna Sèh Lêmah Bang | tamsil sarahsaning ngèlmi | yèn Pangeran ingkang nyata | yêkti sajatining urip | dadya sêdya mandhingi | jumênêng paguron agung | datan purun anuta | maring Jêng Suhunan Giri | mandar kêdah amungsuh ing kabatinan ||

14. murtat murang tekad praja | tan ajrih yèn kênèng sarik | katêtangi driyanira | dènira boya antuk sih | gya kêsah saking Giri | mantuk mring dununganipun | tanah ing Siti Jênar | lajêng ngubalakên ngèlmi | kathah janma kacaryan apuruhita ||

15. marang sira Sèh Lêmah Bang | wêjange tanpa rêricik | lan wus atinggal sêmbahyang | rose kewala liniling | mêlêng tanpa ling-aling | wus dadya paguron agung | misuwur kadibyannya | dènira talabul ngèlmi | wus tan beda lan sagung para oliya ||

16. sangsaya kasusrèng janma | akèh kang amanjing murid | ing praja-praja myang desa | dalah akèh ing ngulami | kayungyun ngayum sami | kasoran kang wali wolu | gunging paguronira | pan anyuwungakên masjid | karya suda kang maring agama mulya ||

17. santri kathah kang kabawah | mring Lêmah Bang manjing murid | ya ta Sang Sèh Siti Jênar | sangsayagung kang andasih | dadya imam pribadi | mêngku sarèh bawahipun | paguroning ngèlmu kak | kawêntar praptèng nagari | lajêng aran Sang Pangeran Siti Jênar ||

18. pan têdhaking Majalêngka | kalawan darah ing Pêngging | kèh prapta apuruhita | mangalap kawruh sajati | nênggih Ki Agêng Tingkir | kalawan Pangeran Panggung | buyut Ngêrang myang Bêtah | kalawan Ki Agêng Pêngging | samya tunggal paguron mring Siti Jênar ||

19. ing lami-lami kawarta | maring Jêng Suhunan Giri | gya utusan tinimbalan | duta wus anandhang wêling | mangkat ngulama kalih | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Lêmah Bang | duta umarêk mangarsi | wus kapanggih lan Pangeran Siti Jênar ||

20. nandukkên ing praptanira | dinutèng Jêng Sunan Giri | lamun mangkya tinimbalan | sarênga salampah kami | wit Jêng Sunan miyarsi | yèn paduka dados guru | ambawa imam mulya | marma tuwan dèn timbali | têrang sagung kang para wali sadaya ||

21. pêrlu amusawaratan | cundhuking masalah ngèlmi | sagêda nunggil sêrêpan | sampun wontên kang sak sêrik | nadyan mawi rêricik | apralambang pasang sêmu | ywa nganti salingsingan | Pangran Siti Jênar angling | ingsun tinimbalan Sunan Giri Gajah ||

22. apa têmbunge maringwang | ature duta kêkalih | inggih maksih Sèh Lêmah Bang | Pangran Siti Jênar angling | matura Sunan Giri | Sèh Lêmah Bang yêktinipun | ing kene nora ana | amung Pangeran sajati | langkung ngungun duta kalih duk miyarsa ||

23. andikane Sèh Lêmah Bang | wasana matur aris |[6] kadospundi karsandika | têka mêkatên kang galih | paran ingkang pamanggih | pangeran ngandika arum | sira iku mung darma | aja nganggo mêmadoni | ingsun iki jatining pangeran mulya ||

24. duta kalih lajêng mêdal | lungane datanpa pamit | sapraptaning Giri Gajah | marêk ing Jêng Sunan Giri | duta matur wotsari | dhuh pukulun Jêng Sinuhun | amba sampun dinuta | animbali Sèh Siti Brit | aturipun sêngak datan kanthi nalar ||

۞۞ Pupuh 03 ۞۞

Kinanthi [7]

1. makatên wiraosipun | hèh sira duta kêkalih | ingsun mêngko tinimbalan | ing ngarsa Jêng Sunan Giri | matura yèn nora nana | kang ana Pangeran jati ||

2. sakala kawula rêngu | paran kang kados pamanggih | dene angakên Pangeran | ulun nuntên dèn wangsuli | sira iku mung sadarma | ngaturake ala bêcik ||

3. wau sapamyarsanipun | lêgêg Jêng Suhunan Giri | jajabang mawinga-winga | kadya age dèn têdhaki | rinapu pra auliya | dhuh sang ambêg wali mukmin ||

4. dèn sabar panggalihipun | inggih katandha rumiyin | kakêncêngane ing tekad | gampil pinanggih ing wingking | yèn sampun kantênan dosa | kados botên bangkalahi ||

5. lèlèh ing panggalihipun | myarsa sabdane pra wali | Kangjêng Sunan Giri Gajah | duta kinèn wangsul malih | animbali Sèh Lêmah Bang | ujare kinèn nuruti ||

6. jangji seba ngarsanipun | ujanên ywa mindho kardi | duta lajêng nêmbah mêsad | sampun prapta ing Siti Brit | panggih lawan Sèh Lêmah Bang | nandukkên dènnya tinuding ||

7. mring Sunan Giri Kadhatun | pangeran dipun timbali | sarênga salampah kula | Pangran Siti Jênar angling | mêngko pangêran tan ana | ingkang ana Sèh Siti Brit ||

8. duta tan sawalèng wuwus | sarèhning sampun winêling | inggih mangkya Sèh Lêmah Bang | kang wontên dipun timbali | ngandika Sèh Siti Jênar | pangeran tan amarêngi ||

9. awit Sèh Lêmah Bang iku | wajahing Pangeran jati | nadyan sira ngaturana | ing Pangeran kang sajati | lamun Sèh Lêmah Bang ora | mangsa kalakona yêkti ||

10. duta ngungun lajêng matur | inggih kang dipun aturi | pangeran lan Sèh Lêmah Bang | rawuha dhatêng ing Giri | sagêda musawaratan | lawan sagung para wali ||

11. Pangran Siti Jênar nurut | lajêng kering duta kalih | praptane ing Giri Gajah | pêpêkan kang para wali | pangeran ing Siti Jênar | anjujug Jêng Sunan Giri ||

12. lajêng ingandikan arum | bagea pangran kang prapti | rawuhe ing ngarsaningwang | Pangran Siti Jênar angling | dhuh pukulun sama-sama | tumêka suka basuki ||

13. Jêng Sunan ngandika arum | marma sanak sun aturi | kasok karobaning warta | yèn andika tèki-tèki | makiki nêngkar ngèlmu kak | dadi paguron sabumi ||

14. ngasorakên wali wolu | mandar bawa imam sukci | datanpa sukci Jumungah | saèstu ngong anjurungi | pira-pira sira bisa | ngalim ngêlêm para wali ||

15. Pangran Siti Jênar matur | gèn amba purun bawani | mêdhar gaibing Pangeran | awit Allah sipat asih | asih samining tumitah | sabên titah angranggoni ||

16. nganggoa ugêring ngèlmu | kang abuntas dèn patitis | sampun ngatos sêlang sêbat | mundhak ambêbingung pikir | amèt ansar dadi sasar | sarana kirang barêsih ||

17. pedah punapa bêbingung | ngangèlakên ulah ngèlmi | Jêng Sunan Giri ngandika | bênêr kang kaya sirèki | nanging luwih kaluputan | wong wadhèh ambuka wadi ||

18. têlênge bae pinulung | pulunge tanpa ling-aling | kurang waskitha ing cipta | lunturing ngèlmu sajati | sayêkti kanthi nugraha | tan sabên wong anampani ||

19. Pangran Siti Jênar matur | paduka amindho kardi | dadak amêrangi tatal | têtelane ing dumadi | dadine saking nugraha | punapa botên ngulami ||

20. Sunan Giri ngandikarum | yèn kaya wuwusirèki | tan kêna dèn go rêrasan | yèn gèbrèh amêdhar wadi | Pangeran nora kuwasa | anane tanpa ling-aling ||

21. êndi kang ingaran luhur | êndi kang ingaran gaib | êndi kang ingaran purba | êndi kang ingaran batin | êndi kang ingaran baka | êndi kang ingaran latip ||

22. êndi kang ingaran bêsus | êndi ingaran bilai | yèn baka babar balaka | bakal bubar tanpa bibit | mangka Pangeran kang nyata | nora kêna dèn rasani ||

23. lan nora kêna dinumuk | anane wahana gaib | matur Pangran Siti Jênar | sêdya purun amabêni | bantahan masalah rahsa | sinapih kang para wali ||

24. dhuh sanak sakalihipun | ywa tansah abên prang sabil | prayogi kanyatakêna | wontên ing gèn kang asêpi | sampun sêpên sêpi hawa | sarahsa sagêd anunggil ||

25. wontên kawêkasanipun | yèn mukid yêkti karadin | jêng sunan ing Giri Gajah | wrin kêdhaping sambang liring | sabdaning para oliya | lajêng angandika aris ||

26. hèh Sèh Lêmah Bang sirèku | aja pijêr amadoni | besuk ing ari Jumungah | padha musawarat batin | yêkti katandha kang nyata | lèlère asmarèng ngèlmi ||

۞۞ Pupuh 04 ۞۞

Asmaradana [8]

1. Sèh Lêmah Bang nayogyani | prapta ing ari Jumungah | nuju Ramêlan wulane | marêngi tanggal ping lima | kumpul para oliya | anêdhêng kalaning dalu | ngrakit papan kang prayoga ||

2. sakathahing para wali | samya pagunêman rahsa | ing Giri Gajah ênggone | kang karsa musawaratan | ing bab masalah tekad | dèn waspada ing Hyang Agung | wajib sami nyatakêna ||

3. kang samya angulah ngèlmi | lamun bijaksanèng driya | dadi wêjang sayêktine | tan beda lan puruhita | mungguh rahsaning rahsa | pralambanging pasang sêmu | tan liya saking punika ||

4. nadyan akèh kang wêwisik | wosing wasana wus ana | mung kari mèt pratikêle | ing sawusira pêpêkan | Kangjêng Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | lan Sinuhun Kalijaga ||

5. Sunan Cêrbon myang kang rayi | Pandhanarang Sèh Lêmah Bang | lan Sinuhun Majagunge | suhunan ing Bantên lawan | Suhunan Giri Gajah | samya agunêm ing ngèlmu | jênênge masalah tekad ||

6. Jêng Sinuhun Ratu Giri | amiwiti angandika | hèh sanak manira kabèh | pratingkahe wong makripat | aja dadi parbutan | dipun sami ngèlmunipun | padha peling-pinelingan ||

7. wong wolu dadi sawiji | ajana wong kumalamar | dipun rujuk ing karêpe | dèn waspada ing Pangeran | nênggih Sinuhun Benang | ingkang miwiti karuhun | amêdhar ing pangawikan ||

8. ing karsa manira iki | iman tokid lan makripat | wêruh ing kasampurnane | lamun maksiha makripat | mapan durung sampurna | dadi batal kawruhipun | pan maksih rasa-rinasa ||

9. Sinuhun Benang ngukuhi | sampurnane wong makripat | suwung ilang paningale | tan ana kang katingalan | iya jênênging tingal | mantêb Pangeran Kang Agung | kang anêmbah kang sinêmbah ||

10. pan karsa manira iki | sampurnane ing Pangeran | kalimputan salawase | tan ana ing solahira | pan nora darbe sêdiya |[9] wuta tuli bisu suwung | solah tingkah saking Allah ||

11. Sinuhun Benang anuli | ngandikani wali samya | hèh sanak manira kabèh | punika kakasih ngalam | yèn mungguhing manira | jênênging roh sêmunipun | ingkang roh Nabi Muchamad ||

12. nora beda ing roh iki | yèn sêdya mutabangatan | tan beda ing panunggale | kadyaparan karsanira | matur wali sadaya | botên sanès kang winuwus | sampun atut sabda tuwan ||

13. pundi kang ingaran nabi | jênênging roh ing sêmunya | mapan iku kêkasihe | sadurunge dadi jagad | mapan jinatèn tunggal | dèn dadèkakên karuhun | kang minangka kanyataan ||

14. Sinuhun Majagung nênggih | amêdharing pangawikan | ing karsa manira dene | iman tokid lan makripat | tan kocap ing akerat | mung padha samêngka[10] wujud | ing akerat nora ana ||

15. nyataning kawula Gusti | iya kang muji kang nêmbah | apan mangkono lakone | ing akerat nora nana | yèn tan ana imannya | tan wêruh jatining ngèlmu | nora cukul dadi jalma ||

16. Jêng Sunan ing Gunungjati | amêdhar ing pangawikan | jênênge makripat mêngko | awase maring Pangeran | tan ana ingkang liyan | tan ana loro têtêlu | Allah pan amung kang tunggal ||

17. Jêng Sunan Kalijagangling | amêdhar ing pangawikan | dèn waspada ing mangkene | sampun ngangge kumalamar | dèn awas ing Pangeran | kadyaparan awasipun | Pangeran pan nora rupa ||

18. nora arah nora warni | tan ana ing wujudira | tanpa mangsa tanpa ênggon | sajatine nora ana | lamun nora anaa | dadi jagadipun suwung | nora ana wujudira ||

19. Sèh Bênthong samya melingi | amêdhar ing tekadira | kang aran Allah jatine | tan ana liyan kawula | kang dadi kanyataan | nyawa ing kawulanipun | kang minangka katunggalan ||

20. Kangjêng Molana Magribi | amêdhar ing pangawikan | kang aran Allah jatine | wajibul wujud kang ana | Sèh Lêmah Bang ngandika | ajana kakèhan sêmu | iya Ingsun iki Allah ||

21. nyata ingsun kang sajati | jêjuluk Prabu Sadmata | tan ana liyan jatine | ingkang aran bangsa Allah | Molana Magrib mojar | iku jisim aranipun | Sèh Lêmah Bang angandika ||

22. kawula amêdhar ngèlmi | angraosi katunggalan | dene jisim sadangune | mapan jisim nora ana | dene kang kawicara | mapan sajatining ngèlmu | sami amiyak warana ||

23. lan malih sadaya sami | sampun wontên kumalamar | yêkti tan ana bêdane | salingsingan punapaa | dening sêdya kawula | ngukuhi jênênging ngèlmu | sakabèhe iku padha ||

24. Kangjêng Sèh Molana Magrib | sarwi mèsêm angandika | inggih lêrês ing sêmune | punika dede wicara | lamun ta kapirsaa | dening wong kathah saru |[11] punika dede rêrasan ||

25. tuwan ucapna pribadi | ajana wong amiyarsa | anuksma ing ati dhewe | punika ujar kêkêran | yèn ta kênaa tuwan | amalangi jênêngingsun | bok sampun kadi mangkana ||

26. nênggih Jêng Sinuhun Giri | amêdhar ing pangandika | pasthine Allah jatine | jêjuluk Prabu Sadmata | sampun pancas wicara | tan ana pêpadhanipun | anging Allah ingkang tunggal ||

27. ya ta sakathahing wali | angèstokakên sadaya | mapan sami ing kawruhe | namung sira Sèh Lêmah Bang | tan kêna pinalangan | cinêgah wali sadarum | tan owah ing têkadira ||

28. angandika Sèh Siti Brit | pan sampun ujar manira | dènnya nututi kapriye | dhasare ingkang amêdhar | pamêjange maringwang | punika wuruking guru | datan kenging ingowahan ||

29. amêksa tan kêna gingsir | sinuwalan ing akathah | tan kêna owah tekade | sampun ujar linakonan | pan wus jangjining Suksma | Sunan Cêrbon ngandikarum | sampun ta tuwan mangkana ||

30. punika ujaring jangji | yêkti tinuduh ing kathah | nênggih sampun ing kukume | wong ingkang angaku Allah | ngandika Sèh Lêmah Bang | lah mara tuwan dèn gupuh | sampun nganggo kalorehan ||

31. dhasar kawula labuhi | ngulati pati punapa | pan pati iku parênge | parênging sih kawimbuhan | pan tansah kawisesa | kang têka jatine suwung | ana kodim ana anyar ||

32. ngulati punapa malih | nora nana liyan-liyan | apan apês salawase | nanging Allah ingkang tunggal | ya jisim iya Allah | tokid têgêse puniku | apan tunggal kajatènnya ||

33. sakathahing para wali | prasamya mèsêm sadaya | miyarsa ing pamuwuse | kukuh tan kêna ingampah | saya banjur micara | amiyak wêrananipun | nora nganggo sita-sita ||

34. angaku jênêng pribadi | andadra dadi rubeda | ngrêribêdi wêkasane | nênêrang anêrak sarak | rêmbuge angaliga | mawali pra wali wolu | winolon kurang walaka ||

35. lajêng abubaran sami | kang para wali sadaya | kondur marang ing dalême | mung Jêng Sunan Giri Gajah | kang kawogan anglunas | kang murang saraking ngèlmu | mumpung dèrèng ngantos mraman ||

36. Jêng Sunan Giri nyagahi | ing sirnane Sèh Lêmah Bang | yèn sampun praptèng mangsane | adêging nata ing Dêmak | bêdhah ing Majalêngka | sadaya samya jumurung | lajêng samya pakumpulan ||

37. sagunging kang para wali | mrih bêdhah ing Majalêngka | dene kang jinago-jago | sira wau Radèn Patah | Lêmbupêtêng Madura | lan sakulawarganipun | kang wus samya tumut Islam ||

38. Jêng Sunan Ngampèl mambêngi | mring para wali sadaya | lawan putra sadayane | rèhning Prabu Brawijaya | anlangsa sêdyanira | mring para wali sadarum | pinardikakkên kewala ||

39. Radèn Patah matur aris | inggih nadyan makatêna | jèr tan nunggil agamine | pangangkah kula ing mangkya | inggih sanuswa Jawa | sampun ngantos wowor sambu | sagêda nunggil agama ||

40. wus gumêlêng para wali | golonging gunêm wus dadya | anglurugi Sri Pamase | Brawijaya Majalêngka | roncène tan winarna | enggale ingkang cinatur | Sang Aprabu Brawijaya ||

41. sampun katitih ing jurit | anglès lolos saking pura | kasangsaran saparane | gya ngungsi ing ardi Sawar | puwara sri narendra | dyan ngrajut jagad kinukut | tan antara sampun seda ||

42. Dyan Patah anglut ing wuri | duk wrin kang rama wus seda | dyan sumungkêm ing sukune | asêsambat wor karuna | Sunan Benang uninga | sigra marpêki ngrêrapu | puwara layoning rama ||

43. dyan pinaripurna nuli | binêkta dhatêng ing Dêmak | dene ta kang mikul layon | Jêng Sunan Benang priyangga | lan Dipati Bintara | sapraptaning Dêmak laju | sinarèkkên paripurna ||

44. ri wusing mangkana nuli | para wali pakêmpalan | samya gusthi jumênênge | Dipati Bintara nulya | kajumênêngkên nata | nèng Dêmak karatonipun | ingaran Ngawantipura ||

45. jêjulukira sang aji | Kangjêng Sultan Syah Akêbar | ingkang dadya pêpatihe | putra Kyagêng Wanapala | nama Patih Mangkurat | de kang jumênêng pangulu | paduka Jêng Sunan Benang ||

46. saliyane para wali | samya jumênêng pujangga | Ki Wanapala jaksane | samana wus paripurna | adêge sri narendra | sapraja têntrêm rahayu | raharja kanthi nugraha ||

۞۞ Pupuh 05 ۞۞

Kinanthi [12]

1. nihan mangkya kang winuwus | Sèh Siti Jênar ing nguni | sangsaya karya sandea | maring sagung para wali | Jêng Sunan ing Giripura | matur Sang Prabu Ngawanti ||

2. sapratingkahnya sadarum | dènira angorak-arik | saruning sarak sarengat | jumênêng guru gêgurit | rosing sarasèng rêrasan | akarya suwunging mêsjid ||

3. lamun awèta tumuwuh | ical bituwahing nguni | tan wontên purun sêmbahyang | ical caraning nagari | anggêring guru dèn arah | sumarah anut kang murid ||

4. lawan cariyosing dangu | nalimpêt anglêmpit ngèlmi | tan saking wiji winêjang | arda marsadu anilib | nilêm siluman ing lampah | milalah amalih warni ||

5. mangka adat kukumipun | punika dipun pêjahi | ngandika Sultan Bintara | inggih rinêmbaga sami | manira sampun pracaya | ing pratinggah gampang rumpil ||

6. Jêng Sunan Giri agupuh | anyuruhi para wali | pan sampun prapta sadaya | Sunan Giri anulyaglis | mêdharakên karsa nata | wali sadaya ngamini ||

7. Pangran Siti Jênar sampun | tinimbalan marang Giri | sapraptanira samana | lan sabat kapitu ngiring | ginêdhêg gadhunging tekad | tan owah kadya ing nguni ||

8. Sunan Kalijaga gupuh | sinasmitan Sunan Giri | saksana anarik pêdhang | pan sarywa ngandika aris | e kisanak iki paran | Pangran Siti Jênar angling ||

9. gaib arane puniku | yêkti dumunung ing pasthi | parênging sih rahmatullah | yèn tumama karya lalis | pan dadya sawarga mulya | wasana ing alam akir ||

10. kang sru kinêkêr sinêrung | rosing sarahsa sajati | mangkya arsa babar pisan | sampurna ing ênêng êning | kaonang-onang kanang rat | paran kang dipun upadi ||

11. pêdhang tinibakkên sampun | mring Pangeran Siti Kuning | pêdhot jangga kapisanan | kang rah sumamburat mijil | dinulu abang baranang | Sunan Kali mèsêm angling ||

12. lah ta iki warnanipun | kang wantêr amuntu pati | pan maksih lumrah kewala | gêtihe pan nora putih | jisime pan maksih wantah | wujude maksih kaèksi ||

13. punang ludira tan dangu | pan amalih warna putih | kang jisim kinukut nulya | kinêbat saking sakêdhik | tan kumêdhap idhêpira | panoningrat kang umèksi ||

14. dupi wus mèh pasang surud | kantun katon sakêmrêki | kacaryan mancala cahya | gumilang-gilang nêlahi | awarna catur prakara | abang irêng kuning putih ||

15. tan antara gya rinacut | byar cahya panca kawarni | cahya wungu kang kapisan | cahya biru kaping kalih | cahya ijêm kaping tiga | dadu kaping patirèki ||

16. cahya jingga limanipun | tan dangu kinukut malih | adadya cahya gumilang | prabawanira nêlahi | pan kadya pêputran dênta | tan antara nulya gaib ||

17. sampurna kaananipun | punang rah kang warna putih | sakala istha sêratan | winaca ing para wali | ungêle punang aksara | la illaha illullahi ||

18. sawusnya kang rah sumêbut | rinacut datan kaèksi | Jêng Sunan ing Kalijaga | pangandikanira wêngis | pan kaya patining setan | jisim ilang tanpa lari ||

19. wau kang murwèng don luhung | atilas wasita jati | e manungsa sesa-sesa | mungguh ing jamane pati | ing rèh pêpuntoning tekad | santa santosaning kapti ||

20. nora saking anon rungu | rêringa rêngat siningit | labêt asalin salaga | salugune dèn ugêmi | ing pangagêmaning raga | suminggah ing sanggarunggi ||

21. marmane sarak siningkur | karana angrêribêdi | manggung karya was sumêlang | êmbuh-êmbuh dèn andhêmi | iku panganggone donya | yèn ing pati nguciwani ||

22. sajati-jatining ngèlmu | lungguhe cipta pribadi | pusthining pangèsthinira | ginêlêng dadya sawiji | wijanging ngèlmu dyatmika | nèng kaanan ênêng êning ||

23. kèndêl swara kang karungu | wau ta Suhunan Giri | alon dènira umojar | e kanca wasitèng wangsit | yèn rinasa sarahsanya | puntoning pati patitis ||

24. tan kewran waranèng kawruh | nanging tanduke awadi | pan doning purwèng dêlahan | sidi sidaning don adi | dumadi ywa kawadaka | linintu wanda samangkin ||

25. wali sadaya jumurung | saksana Suhunan Giri | anyipta kadêbog lupah | wus antuk sinabdan aglis | mangka lintuning kuwanda | Pangeran ing Siti Abrit ||

26. wus awarna jisimipun | para murid dèn timbali | kapitu wus praptèng ngarsa | tinodhi rèh paran kapti | murid kapitu aturnya | kêdah mèlu bela lalis ||

27. labuh labêtaning guru | angugêri lair batin | abantu bêbantên atma | para wali tan nêdyapti | rèhning tan kadrêsan dosa | sangsara yèn misesani ||

28. adrêng andarung tyasipun | sabat kapitu rumanti | tumutur sang puruhita | mantêp nêdya bela pati | dyan musthi kanang curiga | sadaya sampun ngêmasi ||

29. para wali langkung ngungun | wontên malih ingkang prapti | sabat satunggal kumêdah | ngudi ambelani pati | ing guru kang wus sawarga | Sunan Giri lingnya manis ||

۞۞ Pupuh 06 ۞۞

Dhandhanggula [13]

1. aywa sira adrêng rèhning kapti | gurunira aliwat druhaka | manggung sinanggaa dhewe | ya apa pedahipun | anglabuhi wong dosèng Widhi | marmane kawisesa | trang karsanèng ratu | luputa ambubrah sarak | kang wus padha ingimanakên narpati | lakuning kuna-kuna ||

2. angugêmi agême ing ngèlmi | ngorakakên ing sarak sarengat | wus ana anggêr-anggêre | ingkang muni ing kukum | anêmahi ukuman pati | ing Ngarab Sèh Mubarat | têpane ing dangu | iya kukum ing nagara | dene wani tan ngimanakên agami | ugêr agêming nata ||

3. sabat kang liningan matur aris | dhuh suhunan dhawuh kang mangkana | sanadyan nistha patine | yèn sampun jangjinipun | botên kenging dèn sêngguh nênggih | punika pati siya | marmamba umatur | cumanthaka tan wrin angga | awit sêsêrêpan yèn sampun dèn èsthi | ngèlmune botên ical ||

4. pêpuntoning tekad wus karakit | têkaning tokid sampun pinasang | sumarah sarahsaning rèh | lair batin kawêngku | pangawikan kang dèn wikani | sumambung Jêng Suhunan | ing Carêbon gupuh | bênêr wuwusmu mangkana | nanging kaananing ngalam kudu ngudi | dadining kanyataan ||

5. katrimane wong ngimankên ngèlmi | mara iki jisime dèn enggal | paripurnanên bêcike | pinêtak kang pakantuk | antarane ing têlung bêngi | enjange dèn dhudhuka | yèn gandanirarum | mratandhani katarima | antuk swarga yèn gandane arus bacin | yêkti tan katarima ||

6. sabat siji anut rèh ing kapti | layon dêbog pan sampun pinêtak | sampuning ngantawisake | jangkêpe tigang dalu | layon pindhan dhinudhuk malih | mring sabat kang anandha | gandanipun arus | badhêg pênguk bêlarongan | atur tobat wêkasan tumut anyantri | pra wali langkung suka ||

7. wus pinêndhêm wau ponang jisim | nyata praptane antara dina | kapiyarsa ing garwane | yèn lakinira lampus | anèng Giri Pangran Siti Brit | patine tanpa dosa | langkung mêsgulipun | sanalika lajêng dandan | lawan bêkta kulawangsa sawatawis | praptaning Giripura ||

8. jujug ngarsane Jêng Sunan Giri | têmbung anggugat tan anarima | sapatine ing lakine | tan wontên dosanipun | anêmahi pati tan yukti | kalamun makatêna | punapa sinuhun | ical dènira kinarywa | wali mulya lampah asiya ing dasih | ngarênah nganiaya ||

9. dados kasêbut yèn kirang sidik | mangka pantêse ambêk sagara | Sunan Giri andikane | ni bok mung darma ingsun | anglakoni karsaning aji | marmane kawisesa | somahira iku | labête anandhang dosa | ngrusak sarak gorohi rèhing nagari | ni Lêmah Bang aturnya ||

10. kadospundi karsane sang aji | têka damêl karênah ing wadya | amisesa sakarsane | pan ratu sipat luhur | sipat maklum lan sipat asih | apan laki kawula | mung mêmêjang ngèlmu | kasampurnaning agêsang | yèn cidraa dados lêpating nagari | lah inggih punapaa ||

11. para wali sami dèn lilani | mijangakên mêjang ing ngilmu kak | mawi beda pêpandume | yèn lakyamba kang lampus | nêrak sarak lan anggorohi | ngèlmunipun abatal | jidik wêkasipun | sayêkti para oliya | botên sanès inggih makatên pinanggih | kados laki kawula ||

12. Sunan Giri kewran ing panggalih | kèndêl anganam-anam ing driya | katarbuka wangsulane | manuhara ngêngimur | yayi aywa sandeyèng galih | patining lakinira | manggih swarga luhur | wit wis dadya patêmbaya | nora nistha mandar utama ing pati | putus ing kasunyatan ||

13. yêkti ingsun mung minangka margi | anjalari ngantêr ing dêlahan | cancud pancading kapatèn | lair batin jumurung | ni Lêmah Bang duk amiyarsi | tanduking pamindaka | ragi darbe lipur | wasana alon turira | yèn makatên nyuwun pratandha ing mangkin | swargane katarima ||

14. Sunan Giri kèndêl mêsu budi | budidaya dadining mangunah | mangêningakên êninge | gya mundur ing sabdarum | lah ta nini mara dèn aglis | tumêngaa ing wiyat | apa kang kadulu | angèstokkên ni Lêmah Bang | sanalika lajêng tumênga ing nginggil | katon kang langit bêdhah ||

15. sarta katon sawarga sarwadi | tanpa timbang yèn ing alam donya | lakine lungguh ing bale | kang rinêngga raras rum | nunggil lawan kang para Nabi | sawusnya ni Lêmah Bang | pan lajêng tumungkul | langkung suka anarima | mung ing benjang yèn amba nusul ing laki | mantuk ing rahmatullah ||

16. kadongakna sagêda anunggil | wontên kaanan ingkang minulya | Sunan Giri ngèstokake | pangèsthining tyasipun | ni Lêmah Bang anulya mulih | lawan sakulawangsa | wuwusên kang kantun | Jêng Suhunan Giripura | duk samana sampun ngaturi udani | lunase Sèh Lêmah Bang ||

T  A  M  A  T

————————————————

1.      Teks asli: TÊMBANG ASMARADANA. 

2.      Lebih satu suku kata: Kyai Mangunwijaya. 

3.      = (1457). 

4.      Teks asli: TÊMBANG SINOM. 

5.      Kurang satu suku kata: iya iku sajatine urip kita. 

6.      Kurang satu suku kata: wasana umatur aris. 

7.      Teks asli: TÊMBANG KINANTHI. 

8.      Teks asli: TÊMBANG ASMARADANA. 

9.      Lebih satu suku kata: pan nora darbe sêdya.

10. sumêngka. 

11. Kurang satu suku kata: dening uwong kathah saru. 

12. Teks asli: TÊMBANG KINANTHI. 

13. Teks asli: TÊMBANG DHANDHANGGULA