Budi Luhur minangka dhedhasarane ‘ngelmu urip’. Ajaran Jawa nduweni konsep menawa urip bebarengan iku kudu tata (tertib), tentrem (aman tenteram), kerta (makmur) lan raharja sejahtera). Bisane wujud menawa para manungsane iku nduweni budi luhur. Murih bisa duwe budi luhur kudu nyecep ‘piwulang kautaman’.

Apa wae sing diwulangake ing ‘piwulang kautaman’ iku ngandhut ‘kawruh’ lan ‘laku’. Tegese ora mung bisa ngerti bab kawruhe, nanging uga kudu dilakoni apa kang diwulangake. Babon baku piwulang kautaman mulangake kawruh murih manungsa padha ‘eling’ marang kajatene. Yaiku titah kang diparingi kaluwihan wujud ‘cipta-rasa-karsa’. Mula kaelingan sing ‘bener-becik-pener’ yaiku :
1. Eling menawa dadi titahing Gusti (Sangkan Paran, Manunggaling Kawula Gusti).
2. Eling menawa dititahake manggon ing planet bumi kang ora ijen anane, nanging minangka bagian cilik saka ‘alam semesta’. (Jumbuhing jagad cilik lan jagad gedhe).
3. Eling marang peparing ‘cipta-rasa-karsa’ kang ukurane manungsa kudu ‘beradab’.
4. Eling manwa kudu tansah ngutamakake kerukunan karo manungsa liyane lan titahe Gusti liyane.
5. Eling menawa kudu tansah njaga ‘keselarasan’ (kemarmonisan): melu memayu hayuning bawana.
Dhasaring laku diarani ‘Panca Brata’, yaiku lakubrata kanggo nguripake (ngoperasionalake) ‘cipta-rasa-karsa’, yaiku:
1. Nglatih bisane nduweni watak ‘narima’, disranani laku kanthi ngengurangi mangan lan ngombe. umpamane laku pasa, mutih, ngrowot lan sapiturute. Bedane pasa ing laku Jawa karo pasa tumrape ibadah agama, yaiku ana ing tujuwane. Nek pasa cara agama kanggo nggayuh suwarga, dene pasa laku jawa amung kanggo nglatih bisane duwe watak narima. Ewa semono, kanyatane luwih abot syarat-syarate. Ing antarane, senajan bisa pasa sedina nutug, nanging yen ing batin isih durung bisa nrimakake pangan lan ngombe saanane nalika buka bakal njugarake gegayuhan. Ora bisa kanggonan watak “anarima”. Selagine kanggonan watak anarima wae ora bisa, lha kok kepingin nggayuh suwarga mesthi tangeh lamun.
2. Nglatih bisane tansah “eling”, disranani ngengurangi sare (turu). Syarate, anggone melek ora kena disambi apa wae. Apamaneh dislamur nganggo dolanan kertu utawa jagongan gayeng karo para kanca. Kang ditindakake, melek lan tansah eling marang kajatene manungsa.
3. Nglatih urip kang tata utawa tertib, disranani laku ngengurangi sanggama. Nanging anggone ngurangi kudu kanthi pangerten babagan sanggama kang sejatine. Yaiku pangerten sanggama kang gegandhengan karo “titising wiji” kang mahanani “rasa sejati”. Yaiku “rasa nikmat mulya” kang ditampa manungsa nalika dadi saranane Gusti nyipta manungsa anyar. Rasa nikmat mulyane sanggama kang bisa nitisake wiji, dudu nikmat sanggama kang lumrah amung nuruti derenging birahi. Kanthi mangkono, sing dikurangi iku sanggama kang mung mburu kanikmataning birahi.
4. Nglatih kesabaran, disranani kanthi laku “ora kena nesu”. Mula kang becik iku laku: “ing siyang ratri tansah amamangun karyenak tyasing sesama”.
5. Nglatih panalangsa utawa pasrah sakabehane marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Srana lakune “mbisu”. Nanging ora mung ora guneman thok. Ing jroning batin tansah ngulati mobah-mosiking ati. Iya obah osiking ati iku kang bisa uga mujudake wisik utawa dhawuhing Gusti marang kita sowang-sowang (dhewe-dhewe). Bisane dimangerteni kudu dipêndêng utawa mêlêng temenan. Mêndêng utawa mêlêng ora bisa kelakon yen sinambi ngendika utawa omong-omong. Wohing pasrah iku antuk wisik utawa “sabda dhawuh” kang nuntun marang bebener, kabecikan sing pener.