Kidung kuruksetra
PERANGAN I

Swasana samaptaning yuda kang gumuruh ing madyaning Kuruksetra ginambar wontening Perangan Kapisan inggih punika Kurawa lan Pandhawa kekalihipun kadang tunggal wredha ananging samya memungsuhan. Kekalihipun anggadhahi senopati kang prakosa asikep gegaman lan piandel ingkang ngedab-edabi. Risang Arjuna haniti priksa wadyabala kalayan Risang Kresna kang pinatah minangka kusiring rata lan lakuning urip. Dumadakan Sang Arjuna rumaos kejot wontenipun wewayangan tumpesing wangsa Barata, wangsa lan pepundhene dhewe. Raganya rinasa ngalumpruk, manahnya geter lan giris, ing pangangen-angen tuwuh gegambaran leburing wewangunan, tatanan lair lan batin kang karana dumadining perang iki. Arjuna tan kepingin tandhing yuda mateni sanak kadange dhewe amarga dadi mungsuhe. Ora karana wedi nanging rumangsa sedhih lan dosa. Arjuna kudu milih ing panggonan kang angel, antarane panalangsa lan panandhang.

Pangadikane Dhestrarastra :
1) Ing palagan Tegal Kuruksetra
samapta yuda anak-anakku lan Anak Pandhu
apa kang bakal den lakoni
he.. Sanjaya, critakna maringsun.

Kuruksetra yaiku jagading manungsa, ya kayadene wadhagi ng manungsa, yaiku uriping manungsa, ing kono sipat ala lan becik tansah rebut papan lan nguasani sakabehe. Pancen urip iku perang, perang antarane kabecikan lan kawicaksanan lawan kanisthan lan angkara. Gegambarane Kurawa dipapanake ing papan kang ala lan salah, ewadene Pandhawa didunungake ing panggonan kang becik lan bener. Mula saka iku Kurukse¬tra uga diarani Dharmaksetra, yaiku panggonan ing kono bab kang bener lan kawicaksanan utawa Dharma kang langgeng iku kudu ditohi minangka laku lair lan batin.

Ature Sanjaya :
2) Kawula ngawuningani wadyabala Pandhawa
siaga madeg yuda ing madayaning rananggana
dene, Duryudana mrepegi Guru Drona
nuli humatur :

Duryudana :
3) Kawuningana Bapa Guru,
ketingal tanggon wadya Putra-putra Pandhu
pun pandhegani Putra Maharaja Drupada
siswa Guru Drona kang wicaksana

4) ing riku Warastratama ugi
sami kalian Bima lan Arjuna
Yuyudana, Wiratha lan Drupada
sadaya sami prakosa

5) ugi Drestaketu, Cekitana
lan Raja Nagri Kashi kang prakosa
Purujit sarta Kunthiboja
saha Saibia Banthenging manungsa

6) lan ugi Yudamaniu kang pideksa
Uttamauja kang gagah prakosa
putra-putra Subadradewi lan Draupadi
sadaya satria gung.

Maharaja Dhestrarastra kang wuta uga digambarake kayadene wong wuta ing bebener, ora bisa mbedakake ala lan becik, bener saha luput. Lumrahe kang kasenggol digunakake, ora mengerteni sapa sejatine kang becik lan luwih becik, rumangsane kang caket iku bener sakabehe. Kanthi kahanan mangkono iku dheweke ora bisa ndulu babar pisan, mula ora bisa mrentah kayadene ratu. Ing kono kraton diprentah dening Duryudana sasuwene Anak-anak Pandhu ana ing pasetran, kanggo nggenepi prajanjen kang wus den putusake. Hananging Duryudana ora gelem menehake kraton kang kudune dadi darbeke Putra Pandhu, ya Pandhawa, kang miturut prajanjen kawuri. Pokale Duryudana iku dadya mulabukaning Perang Agung Trah Bharata, ya Bharatayuda.

7) Salajengipun kawuningana duh Bapa Guru
Pandhita ingkang tuhu wicaksana
para Manggalaning yuda ing barisan kita,
kagem paduka kawula sebataken para-para :

8) sepindah paduka Bapa Guru, lajeng Bisma,
Karna tuwin Kripa, sadaya tansah jaya
sarta Aswattama lan Wikarna,
ugi Somadattaputra.

9) Wonten malih satriya-satriya prawira
toh jiwa toh nyawa lelabet mring kula
hanyangking sanjata manekawarna
sadaya sudira ing rananggana

Sejatine Maharata iku Kusir, dudu kusir kang ana, nanging Kusir pinunjul kang ngendhaleni lakuning kreta, ora liya yaiku pribadining manungsa. Jagading urip iku kayadene kreta kang sineret jaran papat cacahe. Jaran papat iku nggambarake nepsu kang bareng uriping manungsa. Mungguh babare mangkene:
Sapisan,
Jaran awujud Cahya Ireng iku nggambarake Sipat Angangsa, nuwuhake luwe lan salit saha ngantuk. Dununge ana ing weteng, dalane ing tutuk.
Kapindho,
Jaran awujud Cahya Abang iku nggambarake Sipat Brangasan, nuwuhake kamurkan, iri lan nesu. Dununge ana ing Empedhu, dalane ing talingan.
Katelu,
Jaran awujud Cahya Kuning iku nggambarake Sipat Birahi, nuwuhake kangen, pepenginan, rasa bungah. Dununge ana ing Limpa, dalane ing paningal.
Kapat,
Jaran awujud Cahya Putih iku nggambarake Swasana Katentreman, nuwuhake watak loba ing kabecikan, kautaman lan kaluhuran. Den wujudake : pasa, tapa nganti lali marang kekuatane. Dununge ana ing Balung, dalane ing Grana.

10) mboten kintenan kathahing wadyabala kita
pun pandhegani dening Bisma.
Andulu kathahing wadya kawuningan
Barisanipun Bisma.

11) Jejeg angadeg jroning barisan
sira, samaptaa ing bragada
mbela Bisma iki
padha lan drajat ira.

Ature Sanjaya :

12) Murih nuwuhken tekad
Satria Kuru, Eyang Bisma
sru niup Sangkala Cangkange
gumuruh kadya Singa nggereng.

13) Sangkala, Tambur lan Pung-pung
Bendhe sarta suling sungu
ngumandhang sesarengan
umyung gawe giris.

14) Wus madeg sanginggiling rata
abyor sineret Turangga Seta kalih
Kresna lan Arjuna ugi
samya niup Sangkala jaya.

Kreta, den umpamakake kaya dene titihan budi pakertine manungsa. Dene Turangga den umpamakake kaya dene pancadriya, Tali sumampir gigiring turangga minangka pangekang pancadriya iku dhewe. Kusir, sejatine panuntun jiwa. Jiwa kang tansah mbedhal, rebut cukup – rebut keblat – rebut ner – rebut bener, nggugu karepe dhewe, tega mrawasa tatanan, mburu hardaning nepsu hangangas-angas. Rodhaning rata iku Cakramanggilingan, mubeng tan ana pedhote, ora ngerti ngendi purwa ngendi wusa¬nane. Beja cilaka iku wus ginaris, bareng ruji-rujining rodha. Bungah lan susah ora kena den merekake, yen wus pesthine bakal teka dhewe, yen durung pesthine dioyaka ora bakal kecekel. Ora usah nggege mangsa, menawa wus wancine… sapa kang bisa selak ? Pecut dadi panjurung ing laku, uga dadi tandha lan ngelingake manawa lakuning urip ora lumaku ing dalaning bebener.

15) Sangkala Pancajania pun kumandhangken Kresna
Sangkala Dewadatta dening Arjuna
saha Bimasena kang galak kadya Asu-ajag
niup sangkala, aran Paundra.

16) Yudhistira raja, putra Kunthidewi
niup sangkala, nama Anantawijaya
Nakula lan Sahadewa, sangkalanya
Sughosha lan Manipushpakau.

17) Kashiraja, Warastratama manggala
Sikhandhi ugi maharathah
Dresthajumna lan Wiratha
saha Satiaki kang tan katandhingan.

18) Drupada saha putra-putra Draupadi
lan Subadra putra, asanjata mahasakti
duh, ratu gusti kula pangareping nagri
sangking sadaya keblat samya haniup sangkala.

19) Swara ngumandhang gumranggang
ngebeki akasa lan bawana
nggeterken manah
putra-putra Drestarastra.

Gumuruh swaraning bendhe-beri, gong, kendhang, tambur, suling sungu saha sangkala, mratandhani prang den wiwiti. Ing barisan Kaurawa, hamung Bisma kang haniup sangkala, dene ing laskar Pandhawa, lelimane haniup sangkala lan uga Kresna. Dene Sangkala iku minangka pambrongot jiwaning prajurit lan minangka tengara siaganing prang.

Sangkala Sankham, kagungane Bisma, ginawe saka cangkang. Sangkala Pancajania, tegese pamekak pancadriya, kagungane Kresna, digawe saka bebalung yaksa samudra. Sangkala Dewadatta, tegese nugrahaning dewa, kagungane Arjuna, wujude cangkang. Sangkala Paundra, tegese roh Bha¬tara Siwa, kagungane Wrekudara. Sangkala Anantawijaya, tegese kajayan kang langgeng, kagungane Yudhistira. Sangkala Sugosa, tegese swara ngrangin, kagungane Nakula. Sangkala Manipuspaka, tegese sekar mu¬tiara, kagungane Sahadewa.

Sangkala minangka pratandha purwaning yuda, lan uga nggambarake tengara wiwitaning urip manungsa. Purwaning urip, nalika lahir sinar¬tan tangis. Ing madyaning gesang, tansah lir gumanti guyu lan tangis. Wusananing urip, praptaning ajal kapaes kanthi eseming lathi tumrap manungsa kang buntas kewajibane urip.

Jabang bayi linair ing bumi kanthi anggawa tangis, amarga nyumurupi manawa dheweke katemben nilarake alam langgeng lan kudu miwiti urip ing alam maya. Kamangka, ing alam langgeng kahanane sarwa ajeg, kalis ing sipat owah gingsir lan kasirnan. Ing kono, ora ana sayah, ora ana luwe, ora ana rusak, ora ana sedhih, ora ana lara, ora ana pati. Dene ing alam maya ya ing donya iki, kang langgeng hamung siji yaiku “sipat owah gingsir” iku dhewe.

Isining donya hamung sarwa semu, kang pinter bisa lali, kang digdaya bisa lena, kang dhuwur bisa kajlungup, lan kang urip kudu mati. Akeh-akehe manungsa padha lali marang kanyatan iki, satemah para manungsa tansah :
• padha rebut bandha kang yektine bisa sirna,
• padha rebut drajad kang wusanane kudu seleh,
• padha rebut menang kang pepuntone kudu mati.
Yen keturutan kang dadi karepe bakal gumuyu, yen cabar panjangkane bakal nangis.

Mula eling-denelinga wasitane para sepuh :
• Tumindaka sakarepmu, sejatine sira bakal ngundhuh wohing pakarti,
• Tresnanana kang siro karepake, sejatine kudu pepisahan,
• Uripa sakarepmu, sejatine sira bakal mati.

Manungsa kang lali ing kene, tegese lali marang sangkan lan paraning dumadi. Dheweke saka jagad liya, parane marang jagad liya, ing donya iki hamung makarya lan tumindak saperlu ngudi sanguning urip ing alam kalanggengan.

Tumrap manungsa kang eling, yektine urip ing alam maya iki hamung ngenteni kumandhange sangkala kang kapindho, yaiku tengara akhiring alam maya lan uga pratandha wiwitaning alam langgeng. Manungsa kang mangkono, kanthi eseming lathi mungkasi ing donya kang hamung sagebyarring thathit bebasane. Dene, manungsa kang lali bakal kejot lan nembe emut manawa kudu tanggungjawab marang abeh amal kang den lakoni.

20) Arjuna andulu putra-putra Drestarastra,
kang siaga gegaman jro barisan,
kanthi panji alambang Hanuman,
nuli menthang gandhewanira.

Arjuna minangka senapatining prang asikep panji kanthi lambang Hanuman sang Wanara Seta. Hanuman dadi pralambange Lelabuhan, Sucining manah, lan Kasudiran kang kudu sinandhang para satriya.

Mangkono swasana ing palagan, Yudhistira tumingal mring wadyabala Kaurawa kang tuhu birawa kapandhegan Bisma, satemah tuwuh rasa miris. Arjuna tanggap ing sasmita, sumengka mungkasi sandheyaning Yudhistira kanthi caos atur : “Kang njangka Kajayan datan kathah saged ngasoraken kanthi kasantosan lan agunging panguwaos kalamun katandhingaken ka¬layan dayaning Bebener, Raos pasedherekan, Welas asih lan Luhur budi. Kajayan badhe rinegem lamun Kresna sumandhing, karana Kresna minangka lambang Jejeging Adil lan Marganing Bebener”.

Sawise matur kang mangkono, Arjuna age samapta gati sawega diri tumu¬jweng palagan. Eling-eling Satriya iki, pantes sinudarsana satriya samya. Wus trep yen Arjuna nyandhang sipat Wirotama, Surengrana, Sudibya, Santika sarta Bawa Laksana.

Arjuna uga asring sinebut Bharata (trahing Bharata), Dananjaya (jaya ing bandha-donya), Gudhakesa (rikma ngandhan-andhan), Kunthiputra (putra Kunthidewi), Kurunandana (trahing wangsa Kuru), Mahabahu (asanjata sakti), Pandhawa (siji antarane lelima Pandhawa), Parantapa (kang ngasorake para satru), Parta (putra Pritadewi), lan uga Anagha (kang ora nyandhang luput), lan uga Bharatasaba, Bharatasattama, Bharatasresta, Janaka, Kuruprawira, Kurusattama, Kurusresta.

21) Lan, duh Gusti Hamangku Bumi,
mring Kresna, Arjuna humatur
Aturipun Arjuna :
Lampahna rata tumekeng madya
madyaning barisan leloro, Kresna!

22) Amrih sun bisa nyumurupi
kang samya siaga, kadereng campuh
kang kudu sun adhepi samengko
jroning payudan iki

23) lan bisa nyumurupi dhewe
kang samya carub wor, bebaris ing kena
lila mati mbelani hardaning nepsu
putra Drestarastra kang asor budi.

Putra Drestarastra, ya Duryudana, pambayune Wangsa Kaurawa kagambarake manungsa kang nduweni watak kaku, angkuh, licik, loba lan samubarang budi candhala. Nanging dheweke uga duwe watak sura, julig, brewu. Kabeh tumindake hamung nuruti nepsu angkara, ora mikirake raharjaning praja kepara nyengsarakake kawulane, kang dipikir mung seneng, weteng, deleng.
Kaku : ora kober ngrungu atur pemute wong liya
Angkuh : rumangsa ora ana kang ngungkuli kuwasane kajaba awake dhewe
Licik : ngakali wong liya mamrih menange dhewe
Loba : kepengin ngrengkuh samubarang kang kadulu
Sura : wani, ora duwe wedi
Julig : wasis yen tumindak ala
Brewu : mbebuwang bandha tanpa guna mung golek mareme dhewe

Katelah Duryudana mengku teges Culika ing paprangan. Kurupati iku Ratune wangsa Kuru, dene Suyudana Sinuyudan karana asring weweh dana, sanadyan mung kanggo kasukan.

Duryudana minangka pangareping Kekuatan Angkara perang lawan para putra Pandhu. Lelorone minangka putra siswa Mahaguru Drona. Pandhawa minangka pralambang Kekuatan Luhur yaiku sipat wani, resiking ati, rasa narima, kang kabeh iku dadi watake Pandhawa.

Sejatine manungsa, nduweni Jiwa ing jro sanubari kang kagambarake laku jantrane Kresna, tansah nuntun marang dalaning bebener. Uga nyandhang Budi Luhur kang kagambarake pakartine Pandhawa. Sipat Angkara uga ora bisa sirna saka pribadine manungsa, kayadene patrape Duryudana sago¬trah.

Wimbane Kaurawa lan Pandhawa iku minangka brayat dhewe, Sipat Angkara lan Budi Luhur iku lelorone tansah sasandhingan jro pribadine manung¬sa. Kaurawa iku satru mungguhing Pandhawa, tegese sipat ala iku kudu den asorake.

Ature Sanjaya :
24) Duh, Paduka Ratu Gusti kula
mireng pamundhuting Arjuna ingkang makaten
Kresna hamapanaken adiratanya
ing madyaning barisan kekalih.

25) Ing sangajenging Bisma lan Drona
lan pra manggalatama
Sabdaning Kresna : “Sawangen Arjuna !
trah Kuru carub wor ing kana.”

26) Ing riku Arjuna andulu madeg
para bapa, eyang lan guru
paman, kadang lan kadang tunggal wredha
putra, wayah lan bala samya.

27) Lan Kunthiputra ugi andulu
para marasepuh, kanca-rowang
sadaya sanak-kadang jejeg humadeg
jroning barisan kekalih.

28) Kanthi agenging raos panalangsa
raos duhkita kawiyos ing lesan.
Aturipun Arjuna :
Ndulu sanak-kadang, duh Kresna
bebaris siaga magut yuda.

29) Krasa pepes otot-bebayuku
krasa kaku lathiku
gumeter saranduning badanku
lan mrinding githokku

30) Gandhewa lolos saka astaku
lan kulitku krasa panas sumelet
ingsun tan kuwawa ngadeg maneh
lan manahku peteng lelimengan

31) ingsun andulu pratandha ala
duh Kresna, tan ana becike
aku merjaya sanak-kadang
jroning paprangan samengko.

Arjuna sigra tumingal marang siji-sijine sanak-kadang, uga para guru humadeg ngaglah siaga tetandhingan. Rasa rangu-rangu wiwit tuwuh jroning ati. Ranguning tyas sangsaya gedhe, amarga sanak-kadange kabeh mapan ing lelorone bebarisan kang bakal tetandhingan, Kaurawa iku kadang tungal wredha lan Pandhawa iku tunggal Bapa.

Tan kuwawa Arjuna meper rasane dhewe, kasangsayan wus nguwasani jiwa lan ragane. Rangu-rangu, was sumelang, sedhih lan sonya campur bawur dadi siji, satemah marbawani Sang Apekik kendel kadya reca. Sejatine, jro kahanan kang kaya mangkono iku dadi margane bisa wruh Karsane Kang Mahakuwasa.

32) Ingsun ora kepengin menang
uga ora kraton ora kamulyan, Kresna
apa paedahe kraton lan kamulyan
lan urip iki sisan, duh Gowindha ?

Arjuna datan nyumurupi prakara kang luwih prayoga katimbang tumindak mrajaya sanak-kadange dhewe. Dheweke arsa ngluwari dhiri saka kamulyan lan endahing kadonyan.

Panganggepe Arjuna, mrajaya titah iku dosa sanadyan mrajaya marang titah kang hambeg budi candhala. Sanandyan tetembungan “mrajaya” iku katulis kanthi Anjana Kencana ya kudu dosa. Nanging aluwaran ing yuda iku dudu patrap satriya. Kanan ya Luput, Kering ya Kliru.

Luwih prayoga nora menangi Bharata Yuda, mangkono pamawase Arjuna. Amarga, rebut menang ing antarane Kaurawa lan Pandhawa kanggo mburu kamulyan lan kadonyan kanthi sesinglon mBelani Raharjaning Praja lan Kamulyaning Kawula. Nanging nyatane … Yen menang, kang bisa ngrasa kamulyan hamung para satriya. Jaya utawa asor, padha bae tumrap kawula hamung kasangsaran kang sinandhang. Mangkono mungguh panganggepe Arjuna marang kejeme perang, sanadyan pamawas mangkono iku nora kudu bener sawutuhe.

33) Padha kanggo sapa den samya rebutke
kraton, kamulyan lan sesukan
ana ing kene samapta ing prang
ngorbanake jiwa lan bandhane.

34) Guru, bapa, pra atmaja
lan eyang, paman uga
lan pripean, putu, maratuwa
lan sanak-kadang liyane

Janma kang wruh marang kawajibane urip kudu nindakake Pancadarma :
1. Bekti mring Pengeran Kang Maha Agung,
– Amarga Panjenengane maha peparing, sabarang titah asale saka Pengeran, bali marang Pengeran.
– Catur Sembah minangka wujud bektine : Sembah Raga, Sembah Cipta, Sembah Jiwa lan Sembah Rasa.
2. Bekti marang Bapa-biyung,
– Amarga Bapa-biyung minangka lantaran uripe manungsa ing donya, uga kang nggulawenthah, sarta Guru Kapisan.
– Wujud bektine : Mikul dhuwur – Mendhem jero.
Mikul Dhuwur, tegese nindakake kang dadi pituduh lan wasiat, sarta njaga asmane wong tuwa.
Mendhem jero, tegese anak kudu bisa nyimpen wewadi.
3. Bekti marang Maratuwa,
– Amarga Dheweke minangka lantarane manungsa bisa ngrasa swarganing donya.
– Wujud bektine : tan prabeda bekti marang Bapa-biyung.
4. Bekti marang Guru,
– Amarga Guru kang maringi pituduh, satemah kang ora wruh dadi wruh, ora bisa dadi bisa, bodho dadi pinter.
– Bekti bisa den wujudake, kanthi nuladhani kang dadi pakartine, nindakake amanate, nyingkiri wewalere, ngamalke ngelmune.
5. Bekti marang Sedulur Tuwa,
– Amarga panjenengane dadi sulihing Bapa-biyung, papane sambat lan sebut yen Bapa-biyung wus nora sembada.
– Bektine : nyambung tali paseduluran, bantu-binantu ing sadhengah bot-kerepotan.

35) aku ora nedya numpes dheweke
sanadyan dheweke mateni aku, duh Kresna
nadyan kanggo teteluning jagad
apa maneh mung mbutuhi mayapada iki.

36) Sawise numpes putra Drestarastra
kamulyan endi kang bisa rinasa?
Janardana, hamung dosa
yen mrajaya si duraka iki

37) tan patut mungguh kita
mrajaya kadang, putra Drestarastra,
wus trep, kepriye kita bakal mulya
sawise numpes brayate dhewe, duh Madawa ?

38) Sanadyan mungguhing dheweke
kang jiwane ginubel sipat loba
tan wruh dosa mrajaya kulawarga
tan ngerti kiyanat numpes rowang.

39) Genea kita ora eling
dosa kang mangkono iku, duh Kresna.
Eling marang kalimputan
numpes kadang-kulawarga pribadi.

Tetep puguh pangrasane Arjuna. Sanadyan Kaurawa wuta ing bebener amarga jiwane kasaput ing nepsu loba, nanging mrajaya Kaurawa iku dosa. Karana, Kaurawa kang reged jiwane diprajaya dening Pandhawa kang resik jiwane, ya ing kene papane Dosa.

40) Manawa kulawarga wus ajur
lan wus lebur paugeran luhur
jejibahan lan wewalering kulawarga
den kuwasani durangkara ngambra-ambra.

Titah urip iku ana kang nguripake, mungkasi uriping titah iku wasesaning Pengeran. Sabarang kang urip iku wus kinanthen rejeki, pakarti, panyandhang, laku lan pituwasing kardi. Pakartine titah, wujud pakarti luhur lan ala iku kanggo nggenepi Jangkaning Jagad.

Manungsa Tama iku ora gelem ngrusak sanadyan mung wujude omah rayap amarga saka pangati-atine. Nanging janma kang asor budi tega gawe rusaking tatanan lair lan batin tanpa kinanthen rasa dosa, kepara rumangsa jaya kalamun bisa gawe piala.

Cilik mateni semut, gedhene mrajaya manungsa iku ora ana utamane, kajaba hamung dosa pikolehe. Prastawa paten-pinaten iku kudu ana lamun kanthi dhedhasar nggenepi Jangka iku mau. Cethane mangkene : Mrajaya titah kanggo mamrih jejeging Bebener iku pakarti luhur, nanging mateni wong manawa hamung nuruti hardaning nepsu iku angkaramurka.

Arjuna ora gelem numpes Kaurawa manawa hamung pengin oleh kamulyan kang wujude negara lan panguwasa. Ing kene Arjuna datan trep mapanake pakarti mateni utawa numpes Kaurawa, Bener nanging durung Pener. Arjuna mapanake pakarti iki ing wujude “mateni kadang dhewe”, kang kudune den papanake wujude “mbengkas angkaramurka”. Ya ing kono, pacoban kang awrat iku dumadi manawa nyirnakake brayate dhewe. Kayadene manungsa kang jaya manawa merangi satru, nanging tanpadaya lamun kudu perang lawan nepsune dhewe.

Arjuna minangka jejering satriya, kudu bisa nyirnakake rasa asih mring satru, amarga pakarti “numpes Kaurawa” iku dadi kawajibane Sang Satriya muhung njangkepi darmaning satriya, mbengkas angkaramurka lan mbelani jejeging adil.

Akehe manungsa nuladhani pakartine Arjuna kanthi mapanake ing panggonnan kang luput. Anteng jatmika yen nyumurupi ngambra-ambrane durangkara lan leburing paugeran luhur, nanging bakal cancut-gumregut manawa kanggo mbutuhi dhiri priyangga. Tega mrajaya kadang yen lagi rebut warisan, njlomprongake rowang yen lagi golek aran, ora isin laku culika yen mbelani kamulyan semu, lali suba-sita yen lagi nguber mareming nepsu. Remeh temen patrapmu he manungsa …, Sejatine, sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada. Yitna yuwana lena kena, tansah kinanthi ing saben pakarti.

Tan ana kamulyan kang dumadi kanthi bebanten kulawarga dhewe, ora ana Mulya ancik-ancik sangsaraning liyan, kepara nistha. Ora ana Butrawali kang manis rasane sanadyan digangsa legen sawindu.

Para sepuh wus paring pemut mangkene : Nistha papa, Dora sangsara, Dhusta lara, Nihaya pati. Tegese, manawa Tumindak asor, kalunta-lunta pikolehe. Tumindak ngapusi, nemahi sengsara. Gawe kacintrakan, hamung lara pikolehe. Sapa kang tumindak aniaya, pikolehe cilaka.

41) Yen durangkara wus kuwasa
duh Kresna, wanita ilang wirange
lan manawa wus mangkono wanita
duh Warsneya, sudra-brahmana tan prabeda.

Durangkara wus ngambra-ambra, nemahi sirna wirange wanita. Wanita jarwane Wani Ditata. Manawa Wanita wus ilang wirange, tegese Wanita wus nyimpang saka kodrat kawanitane. Kang wajibe kudu mranata bale wisma lan momong para putra wus tinilar. Samengko ing jaman edan, wujuding wanita tan luwih aji timbang barang, barang kang kanggo rinasa nikmate, disawang kaendahane, kasade marang kang mbutuhake. Amarga kang biyene Wadi, saiki ora den aling-alingi, kapara den pamer¬ake ing papan kang ora samesthine. Swarganing manungsa aneng ngandhap¬ ing suku wanita, wus ora trep maneh. Martabat Ibu kang minangka Guru Kapisan mungguhing manungsa wus sirna. Wasitane para Winasis, Jejeg lan enggoking bebrayan agung iku gumantung ana wanita. Manawa Wanita wus ora jejeg maneh, banjur kepriye bebrayan agung bisa jejeg ?

Ya mangkono iku kahanane Jaman Edan. Swasana jro Kala Bendu, Pituduh ora digugu, Tuladha wus ora ditiru, Kang ura dianggep maju, Candu padha diluru, Pra mudha lirwa sinau, Kang bener dianggep kliru, Kang salah bisa gumuyu, Kabeh marga dadi lunyu, Kang lena bakal kesluru.

Mobah-mosiking kahanan ora bisa den simpangi, mengko yen tumeka titi wanci, akhiring Kala Bendhu puniki, Kala Suba kang gumanti. Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.

Sudra-Brahmana iku trap-trapaning catur kasta, kang jangkepe ana Brahmana, Ksatriya, Waisia lan Sudra. Kasta ing kene kanggo milah-milaha jejibahane wong roning bebrayan gung. Pamilahe jejibahan ing bebrayan agung uga bisa kaperang mangkene : Ulama Teguh Kang Kapitayan; Pamong Praja Kang Adil; Sodagar Kang Jujur; Wong Mudha Kang Tekun ing Karya. Manawa patang perangan iku bisa lumaku kanthi bebarengan, kanthi idin Kang Maha Kuwasa bakal bisa kajangka Tata Kaprajan lan Gesang Bebrayan kang Tata Tentrem Kerta Raharja, Gemah Ripah Loh Jinawi.

42) Runtuhing budi iki anggawa
brayat lan para jagale maring naraka
suksmaning leluhur tiba lara
kabeh donga, banyu lan boga tan ana maneh.

43) Dosa lan leburing trah iki
andadekake rubuhing bebrayan gung,
adat keluarga lan khukum kasta
ajur-mumur tinindhes durangkara.

44) Kita kabeh wus mangerteni
duh Janardana, papan tumrap manungsa
kang budaya lan paugerane rinusak
yaiku ing naraka yekti.

45) Oh, sepira gedhe dosane
hangrencana mateni kadang-brayate dhewe
hamung karana rasa pengin nguwasani
melik kedaton lan kamulyan.

46) Mungguh ingsun luwih prayoga manawa
Kaurawa kanthi asikep gegaman
katamakna marengsun ing payudan
ingsun datanpa sanjata, pasrah.

Ature Sanjaya :

47) Sa sampunipun pratela makaten
Arjuna ngalumpruk ing sa nginggiling rata
gandhewa saha jemparing kadhawahaken
kanthi raos duhkita boten kantenan.

PERANGAN II

Wus kacarita ing ngarep manawa Arjuna tansah rangu-rangu jumangkah prang karana jiwa kasatriyane lan dosa kang bakal sinangga. Mangkono iku minangka gegambaran sejatine polahing jiwa manungsa kang ngancik sangareping kori tumuju tataran batin kang luwih dhuwur.

Arjuna mbeguguk ngutha waton nora gelem maju perang, hananging Sri Kresna tansah nglelipur uga ora mbenerake manawa dheweke sedhih lan mangu-mangu manahe.

Ing kene Kresna njlentrehake manawa kang wus Wruh ora bakal sedhih ing pati, urip apadene…, sabab manungsa mesthi mati. Ing paprangan kang mati hamung wadhage nanging satemene jiwa iku datan sirna. Kang Wruh, sejatine nora mateni sapa bae. Wajibe satriya iku njejegake Bebener, ngundhuh kamenangan ing donya iki lan kabagyan ing mbesuke, lan perang ing madyaning yuda iku ora agawe dosa. Kelangan Kasatriyane luwih asor tinimbang pati.

Sejatine pati iku salin raga, lan jiwa kang cumondhok ing raga bakal oncat mring raga liya, pindhane lukar busana hangrasuk busana liya. Nerna ciptamu tumuju mring Kasucen Jati, makarti tanpa nggegadhang nugraha, sumarah mring Kang Maha Suci.

1) Dumateng Arjuna, kang kerem ing raos welas asih
kanthi soca akekembeng waspa
lan rinujit manahnya
Madhusudana micara makaten :

Sabdane Sri Baghawan :

2) Saka ngendi tekane sedhih lan nglokro
ing kahanan kaya mangkene iki
patrap dudu kaya satriya
tan luhur lan nglelingsemi, oh Arjuna

Arjuna maksih duwe rasa welas marang kadang-brayate yaiku Kaurawa kang bakal den adhepi. Rasa welas kang mangkono iku nora trep kalayan sipating satriya, sipate Wangsa Arya. Kamangka Wangsa Arya iku tansah nyandhang sipat wani, teguh, agung lan luhur pakartine. Nadyan wujude kadang, yektine Kaurawa iku satru kang hambeg budi candhala lan kudu sirna.

3) aja den umbar kasangsayanira
kang mangkono iku dudu watak Arjuna
sisihna rasa nglokro lan miris iku
gya bangkit oh satriya prawira.

Arjuna ambantah :

4) Nanging kedah kados pundi kula, Madhusudana
saged mrawasa Bisma saha Drona
kanthi warastra ing payudan
mangka piyambakipun patut kula pepundhi, Arisudana

5) ing jagad punika, kalangkung sae gesang nistha
katimbang mejahi para gurudibya
nadyan keblinger nanging tetep guru kula
mrajaya piyambakipun sami kalayan gesang adus getih

6) kawula mangu-mangu, pundi kalangkung sae
numpes piyambakipun punapa kula katalikung
para putra Drestarastra kang kita kedah perjaya
lan mboten pantes urip, sampun angadhang

7) semple manah kula, puthek pamikir kula
babagan jejibahan, kula nyuwun pitedah paduka
kawedharna mring kula kanthi gamblang pundi kalangkung sae
kula siswa paduka, ing paduka kula dhedhepe, kawedharana kula

8) karana, kula datan mangertos kang saged amberat
duhkita kang hanyirep pancadriya puniki.
Nadyan saumpami kawula regem kawiryan lan panguwaos
datan pepindha sarta wasesaning kahyangan.

Arjuna nora bisa nglakoni urip mulya manawa kudu adus getih, jalaran urip kang mangkono iku sejatine kanisthan, kasangsaran, angkara lan nerak jejeging adil. Arjuna ora mung nglokro, was-sumelang lan mangu-mangu nanging uga nyadhong pituduhe Sang Gurusuci. Amarga hamung Kresna kang bisa paring pepadhang, lan uga bebener murih bisane ndulu endi bener lan endi luput.

Ature Sanjaya :

9) Sasampunipun pratela dhumateng Kresna
Gudhakesa angucap mring Gowindha :
“Kula tan badhe magut yuda”
nuli kendel salaksa kata.

10) Jro swasana karanta-ranta
ing madyaning barisan kekalih, duh Bharata
sinartan eseming lathi Hrisikesa
pitutur makaten :

Kresna uga asring katelah Aciuta (kang nora kengguh), Arisudana (tansah unggul ing yuda), Gowinda (pamomong, cahyaning cipta ), Hrisikesa (kang murba pancadriya), Janardana (tameng munggweng janma ), Kesawa (arikma ngandhan-andhan), Madawa (Garwane Laksmi Dewi), Madusudana (kang mbesmi Yaksa Madu), Mahabahu (asanjata sekti), Warsneya (trah Wangsa Wrisni), Wasudewa (putra Wasudewa), Wisnu (titisane Bathara Wisnu), Yadawa (trahing Wangsa Yadu). Kajaba iku Kresna uga nduweni jejuluk: Hari, Harimurti, Kesinisudana, Mahayogi, Narayana, Purusotama, Sri Bhagawan, Yogeswara.

Kresna jejuluk Sri Bhagawan, piyambake kang medharake Wewadining Jiwa, amarga Jiwa minangka bab kang siningit lan suci, ora sadhengah titah bisa wruh. Ing kene Kresna mengku karep supaya Arjuna bangkit kasa¬triyane, nuduhake marganing urip lan gya murwani karya minangka jejer¬ing satriya.

Sabdane Sri Bhagawan :

11) Sira sedhih tumrap wangsa culika
nanging sira micara budi pakerti,
Sang Luhur Budi kalis ing duhkita
ya tumrap sasama lan kang sumare.

Janma Luhur Budi ora bakal sedhih nyumurupi kahanan apa bae, awit panandhang lan patine manungsa kudu kalakon. Iku ora ateges sirna sipat asih marang sasama, nanging kapara kudu mangkono.

12) Tan ana wektu, kang ing kono
ingsun, sira lan para raja iki ora ana
lan tan bakal ana saat, ing kono
ananing ana tan bakal purna, sanadyan sawise urip iki.

Ukara kang muni “ingsun, sira lan para raja” ing kene dudu sipat badan wadhag, nanging Jiwa (uga asring sinebut Jagad Alit) kang mapan jron¬ing raga, minangka peranganing Jiwaning Jagad Gedhe.

Sejatine Jiwa iku titahing Pengeran kang linair ing alam langgeng, mula Jiwa kalebu “perangan sejatine ana”, “Sejatine Ana” ora liya ya muhung Pengeran. Mula ing kene Jiwa katelah “perangan”, lan kang “ana” iku ora bakal sirna. Dene raga iku cinipta ing jagad maya, ya kalebu ing perangan sejatine “ora ana”, mula dheweke kudu nyandhang sipat owah gingsir lan pepuntone bakal sirna yen wus tekan mangsa kala, kalane pepisahan lan Jiwa.

13) Sawise mapan ing raga iki
wiwit kuncung nganti gelung
tan wurung jiwa mring raga liya malumpat
Sang Luhur Budi datanpa kengguh.

14) Sesambungan lan badan wadhag, oh Arjuna
nuwuhake adhem lan panas, suka lan sangsaya
lan kabeh iku teka-lunga, datan langgeng
mula sangganen, Kunthiputra

Yektine rasa seneng lan sedih iku tuwuh lan subur amarga di openi lan den kulinakake dening raga. Nora tembung trep manawa manungsa kudu seneng kalamun lagi katurutan lan sedhih manawa lagi cabar kakarepane. Manungsa bisa darbe rasa anteng jatmika lan padha sampurnanya ngadhepi leloro prakara, amarga hamung rasa Kumingsun kang kaprabawan dening pakulinan iku. Kumingsun iki tansah makarti sasuwene jiwa kinunjara dening raga, lan gumantung marang kawruh lan pakartine jiwa iku dhewe. Kalamun Jiwa wus mardika, satemah wening ing cipta, lan bakal ngadhepi sakabehe (seneng lan sedhih, adhem lan panas) kanthi prasaja lan sampurna, amarga dheweke wruh manawa sabarang kang teka iku bakal lunga.

15) Manungsa kang ora kengguh
oh Arjuna, kang tansah jroning duhkita
lan suka, kang Jejeg kapitayane
wus trep langgeng gesangnya.

Urip langgeng iku nora padha kalayan kabeh titah ing jagad iki. Urip kang mangkono luwih luhur katimbang urip lan pati, ora nyandhang seneng lan sedhih, adhem lan panas, tan kaprabawan sadaya prastawa. Gesang langgeng iku wujude sampurnaning cipta tumuju manunggaling jiwa lan Jagad Ageng kang abadi.

16) Kang ora ana, ora bakal ana
kang wus ana, bakal ana salawase
Lelorone hamung bisa den mangerteni
dening manungsa kang wruh Sejatine Bebener.

17) Kawruhana, kang anglimputi samudayane iki
tangeh rinusak
tan ana kang bisa nyirnakake
Sejatine, tan kajamah kasirnan.

18) Badan wadhag – kang madhahi
kang langgeng, tan rinusak
lan tan winates – bakal musna
mula tumandanga, he Bharata.

Kang sinebut “Sejatine” utawa “Kang Sejati” ing kene tegese Jiwa, mula sinebut Sejatine amarga tan bisa den nalar kanthi kawruh kaprah, nanging nembe bisa dimangerteni kanthi Kawruh Sejati, ya Ngelmu Hakikat. Dene, Raga iku dudu wujud sejati nanging hamung wewayangan, lan nora bisa gepok senggol kalayan sipat kalanggengan apamaneh kudu manunggal. Raga mangkono cinipta saka anasir papat, lan Jiwa saka Nur. Nanging tumrap manungsa kang wruh marang jejibahan, ora jeneng aneh 
manawa Raganya nyandhang sipat langgeng.

Raga kataman rusak lan sirna, jiwa kalis sipat mangkono. Mula, padha makartia mumpung jagad maksih padhang lan raga durung sirna, amarga Jiwa bisa makarti uga migunakake titihan raga. Titi mangsa sirna raga, wus puput wektune makarti. Urip pindha mampir ngombe suwene.

19) Kang ngira Jiwa iku bisa gawe pepati
lan kang duwe panyangka yen Sejatine bisa dipateni
lelorone iku cubluk sayekti, amarga
Kang Sejati iku kalis saka sipat merjaya lan pinerjaya.

20) Kang Sejati iku ora linairake lan mati
yen wus ana ora bakal ora ana.
Sejatine ora linairake, langgeng salawase,
Kang Sejati ora sirna sanadyan raganya mati.

21) Kang Wruh, – Kang Sejati datan sirna
langgeng, tanpa lair, tanpa owah
– Kepriye bisane, he Parta
mateni lan ngupaya pati-Ne.

22) Kayadene sira lukar busana
lan ganti barang kang anyar
mangkono Jiwa ninggal raga lama
lan ing raga anyar humanjing.

23) Kalis landheping gegaman
tan kebrongot ing dahana
tan garing ing samirana
tan teles ing warih.

24) Kang Sejati kalis dayaning gegaman,
dahana, samirana lan warih
Sejatine langgeng, tan owah
tan gingsir, panggah salawase.

25) Jiwa winursita tan kajamah,
lepas jagading pikir, ora owah.
Yen wruh Sejatine mangkono
mesthine sedhih datan sinandhang.

Jiwa kalangkung luhur tinimbang sabarang anasir, langgeng lan tangeh dinalar. Jiwa datan murba lan kapurba dening pakarti, uga nora kapra¬bawan dening owah gingsiring pikir, urip lan raga. Kabeh wuwujudan bisa owah, teka lan lunga, nanging Jiwa tetep panggah salawase.

26) Manawa dadi pangiramu mungguh
Jiwa tansah lair lan mati
ananging, oh Satriya asanjata dibya
samesthine haywa sira nalangsa.

27) Tumrap kang lair, pati iku wus pesthi
tumrap kang mati, lair iku kudu.
mangkono iku sayektine ora bisa den selaki
mula sira datan pantes nandhang roga.

Nadyan pati tan bisa diendhani, nanging ora ateges kudu mbenerake dumadine rajapati, nganyut tuwuh lan paprangan. Janma tan bisa ngarep-arep petine manungsa kanthi wawaton manawa kabeh titah kudu mati. Tumrap Jiwa sampurna, nora bakal nggege mangsa jangkaning jagad.

28) Titah iku ing purwane datan katon
mung katongton ing madya kala
lan samar ing wusanane
genea mesthi sedhih, he Bharata.

Purwane lan wusanane, titah iku nora wujud, dene anane ing kala madya ya jroning jagad iki, ora liya hamung wawayangan. Mula, aja manungsa cilike mrabawani gedhene ngendhaleni Jiwa. Kang mangkono aja nganti dumadi.

29) Ana titah wus andulu sipat Agung-Nya
ana kang micara Kawibawan-Nya
lan uga hangrungu Wisesa-Nya
hananging nora sawiji kang wus krungu mangerteni.

Nora kathah kang wruh, mireng lang micara babagan Jiwa, karana ora akeh kang rila laku jejeg ing kapitayan lan makarya tanpa pamrih. Akeh kang kepengin mgregem sejatining bebener, nanging dheweke nyandhang rangu lan miyur. Manawa kalis ing rarangu, keh-akehe samya mupus amarga awrating panyandhang jro lumaku ngudi sejatining bebener iku.

30) Kang mapan ing sadhengah titah
nora bakal bisa kaperjaya.
Saka iku, oh Bharata, aja ngumbar wiyoga
ing patine titah singa-singa.

31) Eling mring kawajibanira
sira aja nganti miris.
Tumraping satriya tanana kang luwih mulya
kajaba ngrungkebi jejeging adil.

32) Mongkoging para satriya, oh Parta
piniji labuh nagara
tanpa den upaya ugi
kori kaswargan wus tinarbuka.

33) Kalamun sira datan hanglakoni
ngrungkebi jejeging adil mau,
ninggalke kawajiban lan kasatriyanmu
mula, dosa gedhe tumrap jeneng sira,

Tetembungan “perang” lan “satriya” mengku karep lair lan batin. Perang njejegake bebener tata lair mbelani nusa, bangsa lan agama, uga minangka perang antarane ala lan becik. Sapa kang selak kanthi wawaton kiyanat, miyur lan jirih iku dosa.

Satriya mangkono nora hamung amarga manungsa linair satriya, nanging luwih katujokake marang “darmaning satriya” kang den wujudake ing sipat lan pakarti.

34) kridhamu bakal dadi pocapane kawula,
lan tumrape janma kang linuhung
kelangan kawiryan iku
luwih nistha tinimbang pralaya.

35) Para satriya gung bakal nganggep
sira ngucireng yuda
lan uga kang biyene hamujakrama
samengko ngesorake kanthi pangina.

36) Akeh pangundhamana marang sira
dening para satru
ngala-ala lan ngina katiasanmu, Apa ana kang luwih nyedhihake katimbang iku ?

37) Umpama tiwas, sira bakal manjing swargaloka
utawa yen jaya, sira bakal ngisep maduning donya.
Mula agya bangkit, Kunthiputra
gelengna tekad, hamagut yuda.

38) Kanthi pianggep suka lan duhkita
bathi lan rugi, jaya lan asor, tan prabeda
nuli maju acampuh prang
sira tan tumindak dosa.

39) Mangkono piwulang Sankhya mring sira
nuli piarsakna piwulang Yoga.
Manawa sira sawega hanampa, he Parta
sira bakal kalis saking pangiketing karma.

Sejatine Satriya jroning paprangan hamung sasangu tekad lan kapitayan, datan nggegadhang jaya, seneng, donya, panguwasa lan swarga. Manawa wus mangkono Satriya, seneng lan sedhih, jaya lan asor tan prabeda. Satriya bisa makarti ing kahanan singa-singa, kalis ing pangiketing kawajiban lan pangiketing panjangka.

40) Jro prakara iki tan ana muspraning upaya
tan ana sambekala datan purna,
nadyan sethithik dharma iki
satemah kalis ing rasa giris.

41) Santosaning cipta, Kurunandana
tumuju marang pangajab sajuga.
Hananging kang maksih kapirangu
megar ambyar tanpa wusana.

42) Tembung ngayawara lan samudana
kaucap para Sankuni
ngrasakake kang sinerat ing Kitab
lan pratela : ” ora ana liya kajaba iki !, he Arjuna.

43) Nepsu pribadi lan kaswargan dadi pangajabnya,
bakal lair utama minangka kanugrahan.
Lan kang weh pitutur yekti
nedya ngupadi kamulyan jati.

44) Kang ciptane maksih kengguh
marang pepinginan kamulyan lan panguwasa,
kinunjara piwulang kang mangkono
ora manther, tan patut laku samadi.

45) Kitab Suci wus ngandharake piwulang Triguna, Arjuna.
Luwarna pribadimu saking Triguna, uga saka loroning sipat.
Nerna budimu marang kasucen yekti
luwarana dhirimu saka wisayane kadonyan, manunggal lan Jiwa.

Sakabehe isen-isen jagad iku darbe watak telung prakara kang sinebut Triguna. Triguna saka tembung Tri tegese telu, Guna tegese sipat utawa watak. Sapisan, watak lantip, padhang, resik, bungah, lan anteng. Kapindho, trengginas, carub wor, nepsu, sedhih, sarta leget. Dene kang Katelu, cubluk, peteng, reged, kebluk, lan mati. Dadi, raga utawa wadhag nduweni siji antarane tetelu sipat iku.

Kresna mamrih supaya Arjuna luwar saka Triguna utawa cethane uwal saka pangiketing sipat, sandhangan lan watake raga, uga kalis saka kunjarane Loroning sipat, yaiku ala-becik, seneng-sedih, adhem-panas, lsp.

46) Wimbane sendhang ing tlatah banjir
karoban warih sadhengah papan
mangkono iku Kitab Suci
tumrap brahmana kang wicaksana,

47) Kawajibanmu samengko hamung tumindak
makarya datan kinanthen pamrih.
Aja sapisan nugraha kang kaesthi
uga aja mung kendel dadi parane karti.

Ukara “makarya datan kinanthen pamrih” iku nora ateges “makarya tanpa ngarep-arep pituwas”, sabanjure kalis ing sadhengah panjangka, kaya gegambaran iki : Wong olah tetanen kang sregep nggarap sawahe, nalika wus wancine panen, karana ora ngarep-arep kasil, banjur pari kaobong. Ora… dudu mangkono, karepe ! Werdine mangkene : Pepucuking panjang¬ka manungsa iku makarya lan tumindak murih luwar jiwane tumujweng kamardikan langgeng, manunggal lan Sejatine Jiwa. Mandheg lan nora nggape marang kawajiban sarta tanpa makarya lan tumindak, uga dudu mangkono. Amarga makarya kanthi pamrih nugraha utawa nora ngape marang kawajiban mangkono, lelorone ateges ngumbar jiwane satemah jiwa tansah kinunjara.

48) Nerna ciptamu marang kasucen yekti.
Makartia datanpa pamrih, Dananjaya.
teguhna mring guna lan uga tiwas
karana, teguhing jiwa yaiku marga.

Teguhing Jiwa tegese menebing jiwa, kang wus bisa ngasorake nepsu, kanepson, gegayuhan, sarta patrap adigang-adigung-adiguna.

49) Asor kawiryanira lamun ngemungken karya
tanpa teguhing budi, he Dananjaya.
Sumaraha marang Kang Maha Pirsa muspra kang ngarep-arep pituwasing karya.

50) Kang wus manunggal kanthi budi suci
prasaja mring ala lan becik
mula, tindakna yoga
amarga mung Yoga kang waskitha ing karya.

Janma kang wus meneb jiwane, datan kasampiran pamrih pribadi ing sakabehing pakarti, saka iku dheweke luwar saka sipat asor lan ang¬kara. Ciptane prasaja, satimbang, wening, nora rinegedan dening sipat, sandhangan lan watake raga.

51) Janma kang jiwane manunggal lan Kang Maha Pirsa
tan nggegadhang pituwasing pambudi,
Ngluwari dhiri saking pangiketing kalairan
tumeka papan ing kono kalis ing kasangsayan.

52) Manawa ciptamu wus bisa luwar
saking wewayanganing kadonyan
sira bakal teguh marang
kang wus lan bakal kapiarsa mengko.

53) Manawa warta mamrih tumpangsuhing ciptamu,
jejeg tan miyur maneh,
tansah samadya ing samadi,
iku ateges sira wus ngancik yoga.

Manungsa kang kalis ing pangiketing kalairan, dheweke wus mapan ing tataran Kamardikan, ing kono bakal kalis ing sadhengah kasangsayan.

Warta, ya prakara kang wus-nedheng-bakal kapireng, ing kene tegese Kitab suci. Manungsa kang wus Meneb, tan mbutuhake maneh kitab suci, karana dheweke wus mapan ing tataran luwih luhur, lan kang kaserat ing Kitab suci wus manunggal ing cipta, wicara lan pakartine.

Arjuna tetanya :

54) Punapa pratandhaning manungsa wicaksana
lan teguh kapitayan ing samadi, duh Kesawa
Kados pundi pambudinipun, micara,
tata lenggah, miwah lampahipun ?

Sabdane Sri Bhagawan :

55) He Parta, yen manungsa nyirnakake
saliring nepsu kang tuwuh jro atine,
lan suka hamung kanthi bekti mring Jiwa,
mula dheweke den arani manungsa kang teguh kapitayane.

Manungsa kang ngumbar hardaning nepsu, mburu apa kang kudu den mangsa, sejatine dudu nepsune kang rinegem, kepara jiwane kang kajaring dening nepsu, kaya ula kang binungkus kulite dhewe. Mula, manungsa kang wus luwar saka kunjaraning nepsu, gegembarane kaya Ula nglungsungi.

56) Janma kang datan sedhih jroning sungkawa,
jroning suka tan bungah kalangkung
kalis ing nepsu, nesu lan ajrih
mangkono iku kasebut wong suci teguh kapitayan.

57) Kang ora nduweni pepinginan apa bae
suka lan sedhih tan ginape,
Nadyan kamulyan lan kasangsayan sinandhang,
den arani nduweni teguhing Jiwa

58) Pindhane Penyu nggeret sikile lumebu ing awakke
dheweke meper lelima pancadriya
saka sadhengah pepinginan,
mangkono Jiwa yen wus teguh.

Nepsu, nesu lan wedi iku godha tumraping jiwa, seneng lan sedhih iku kalebu peranganing nepsu. Janma kang wus luar saka tetelu godha iku pepuntone bakal kalis ing prabawaning seneng lan sedhih. Ing titi mangsane bakal ngrasa yen seneng lan sedhih iku tan prabeda, iku tegese wus bisa ngendhaleni dhiri, nguwasani godha kang sawau tansah hanglimputi.

Manawa kamulyan nedheng rinasa, becike aja den gung-gungake, samono uga yen nandhang sangsaya haywa ngomel tan karuhan. Pindhane sekar kang mekrok lan alum, adhepana kanthi prasaja, aja mung yen mekrok lan wangi tansah den pupuji, yen aking tebih kabuang. Mangkono manungsa kang wus meneb, satimbang ing kahanan suka lan duhkita tan prabeda.

59) Kang bisa ngendhaleni hawanepsune,
pepinginane sirna, nanging rasa kapang maksih sinandhang,
lan kapangnya iku uga bakal sirna,
lamun Kang Maha Pirsa hangejawantah.

60) Sanadyan dheweke Sang Luhur Budi
wus kanthi sawutuhing pambudi, Kunthiputra
Nanging pancadriya kang ura
bakal mrawasa mbergandang jiwane.

Hawanepsu pancen bisa kapeper, pepinginan bisa kasirnakake. Nanging manungsa kang wus meper hawanepsune, keh-akehe maksih nyandhang pepinginan ing atine. Saka iku, nora hamung pancadriya, uga jiwa kudu kapeper dimen bisane manunggal. Yen jiwa wus manunggal kalayan seja¬tining jiwa, iku margane Pengeran Hangejawantah.

61) Sawise bisa ngendhaleni sakabehe
dheweke kudu lungguh kanthi nering cipta marang Ingsun.
Karana, kang bisa ngendhaleni pancadriya
den wastani nduweni teguh kapitayan.

Tetembungan “Ingsun” tegese Pengeran Kang Maha Pirsa, kang den lisanake dening Kresna. Sabdane Kresna, sadhengah upaya iku muspra kalamun nora kinanthen nering cipta lan datanpa lalandhesan bekti mring Gusti. Lakuning Jiwa, datan hamung nering cipta lan meper hawanepsu, uga kudu kanthi adrenging karsa lan laku bekti kang datan kendhat.

62) Yen ciptane tansah tumuju marang kadonyan
mula, pepinginan wus tuwuh,
Lan pepinginan iki nuwuhake nepsu,
lan nepsu agawe nesu

63) Saka bramantya nuwuhake petenging pikir
petenging pikir nuwuhake lali
lali agawe rusak marang ciptanira
cipta tan tumata iku purwane kasirnan.

Nepsu iku daya kang ngedab-edabi. Manungsa bisa ngregem kamulyan lan kawiryan sundhul wiyati amarga dayaning nepsu. Nepsu uga kang bisa njlomprongake manungsa marang jurang kasangsaran. Nepsu kang cabar panjangkane dadi nesu kang makantar-kantar, temah gela wusanane.

Nepsu gawe nesu, nesu gawe petenging pikir, petenging pikir gawe rusaking pikir, pupuntone rusaking pikir agawe sirna. Sirna, ing kene mengku karep sirnaning budi luhur lan tuwuhing budi candhala. Ya mangkono iku kang sinebut Mati sajroning urip, utawa Pati sadurunge mati.

Mangkono mulabuka dumadine budi candhala iku saka pikir, kanthi lon-lonan rumesep jroning jiwa, nora amung mrabawani, kapara nguwasani.

64) Nanging janma kang teguh kapitayan
sanadyan urip ing madyaning kadonyan
tansah ngendhaleni nepsu, kalis ing seneng lan serik
ngregem katentreman jro jiwane.

65) Jroning jiwa kang wening
saliring kasangsayan wus sirna.
Ciptane janma wening jiwa mangkono
teguh sumare jroning katentreman.
66) Kang ngumbar hawa-nepsu, ora duwe kasantosan
jiwane getas, tan bisa ngancik nering cipta.
Datanpa nering cipta, tangeh katentreman ginayuh
tanpa katentreman, ing ngendi ana kamulyan ?

67) Manawa cipta wus kerem ing pancadriya
kerem uga kawruh kabecikane,
kadya bayubajra hanrajang
baita kerem ing samudra.

68) Mula, janma kang bisa ngendhaleni
pancadriya saking saliring nepsu
pepinginane iku, he Mahabahu
hamung jiwanya ngancik kasampurnan.

Pancadriya iku tangeh kapegat kalayan nepsu lan pepinginane manungsa. Bisane hamung den kendhaleni lan dikuwasani dening jiwa kang prakosa. Tetembungan “Mahabahu” tegese satriya asanjata sekti, ya Arjuna. Werdine : Arjuna iku nyandhang sanjata jiwa kang prakosa.

69) Apa kang peteng tumrap kabeh titah
iku padhang mungguhing kang Wruh ing jiwa,
awan tumrape titah
iku bengi mungguhing kan Wruh ing jiwa.

70) Wimbane kali mili mring samudra
nadyan tansah kisenan banyu nanging nora obah.
Mangkono manungsa teguh jiwa ngancik katentreman
nanging dudu manungsa kang ngumbar hawa-nepsu.

Tumrap lumrahe manungsa, sejatine bebener iku katon peteng, nanging mungguhing Manungsa Wicaksana bebener iku padhang njingglang sinawang. Dheweke bisa weruh wuwujudan kang maksih samar tumrap manungsa liya, bisane mangkono amarga migunakake Pramana Jati.

Tumrap ngakathah, siang iku minangka saat kanggo ngupaya kamulyaning urip. Kamulyan mungguhing kang Wicaksana hamung bisa ginayuh ing sonyaning ratri. Jiwane tansah wungon rikala jiwa manungsa padha turu. Ing wayah awan, kalane manungsa nggugah pancadriya, sang Wicaksana kapara nutupi babahan hawa sanga.

Gegambarane Manungsa Wicaksana iku kadya samudra kang nora kaprabawan dening ilining banyu saka maewu-ewu tuk. Mangkono manungsa kang wus ngregem Katentreman Jiwa datan kaprabawan dening polah-tingkahing nepsu kadonyan kang lir-gumanti mrepegi sasuwening urip.

71) Manungsa kang amberat saliring nepsu
lan jumangkah kalis pepinginan
sirna rasa “Ingsun” lan “Kumingsun”
andungkap katentreman jroning jiwa

72) Mangkono drajade kasucen yekti, he Parta.
Dheweke kang wus ngancik drajad iki
nadyan tumekeng lalis, tan sumelang maneh
lan ngancik kaswargan manunggal lan Pangeran.

Manungsa kang wus amberat hawanepsune, nora darbe pepinginan marang samubarang kanggo agunging dhiri, lan ora duwe rasa duwe. Kanthi mangkono katentreman kang rinaos, kalis ing suka lan sedhihing urip. Sabdane leluhur : “Kasarasan iku kabagyan kang linuwih, Marem jro kaprasajan iku bandha kang matumpa-tumpa, Kapitayan iku rowang sejati, Swarga iku kamulyan sejati”.

Manungsa kang tumeka ing swarga iku mapan ing alaming Pengeran Kang Maha Agung, ing kono manggon salawase sumandhing lan Penjenengane.

PERANGAN III

Arjuna tetanya:

1) Duh Janardana, manawi menggah Paduka
ngelmu langkung utama tinimbang pakarti.
Kenging punapa Paduka dawuh mring kula
nglampahi tumindak deksia punika, duh Kesawa.

2) Sabda Paduka samar mungguhing pamikir kawula
Pramila, wedharna mring kula kanthi trawaca.
Namung sawiji margi ingkang saged kula lampahi
amrih ginayuh kamulyan sejati.

Pianggepe Arjuna manawa perang, paten-pinaten iku kejem, galak lan kasar. Nadyan mungguhing satriya mateni satru iku sawijining kawaji¬ban, nanging Arjuna nora gelem tumindak mangkono, amarga nora tega mateni sanak-kadange dhewe.

Kang wus kawedhar dening Kresna kawuri kurang trawaca munguhing Arjuna kapara wudhar pamikire. Saya bingung rasane Arjuna nampa piwulange Sri Bhagawan. Ing kono kaya-kaya Sri Kresna gandharake manawa tumindak kanggo njangka nugraha iku luwih asor drajade tinimbang makarti tanpa nduweni pepinginan pribadi, lan ngelmuluhur tanpa makarti iku luwih luhur katimbang makarti tanpa ngelmu.

Manawa ngelmuluhur luwih becik kanggo nggayuh kamulyan langgeng tinimbang makarya, mula apa gunane tumindak ?, Luwih-luwih tumindak gawe pepati ing paprangan. Mangkono pitakone Arjuna, lan heweke adreng nyadhong pituduh kang temen saka Sang Guru.

Sabdane Sri Bhagawan :

3) Wus dak andharake nalika samono, he Anagha.
Satemene ana loro marganing panjangka
marganing ngelmu tumrap para wasis
marganing karti tumrap para misaya.

Sejatining Bebener iku tan ana loro, nanging Bebener iku bisa ginayuh kanthi marga kang loro. Kang Kapisan, kanthi cara nggegulang ngelmu lan kridhaning batin tumrap para winasis. Kang Kapindho, kanthi cara bekti ing karya tanpa ngarep-arep pituwas tumrap para kang makarya. Lelorone bakal antuk pikoleh kang padha tumrap panjangka kamulyan langgeng. Leloro marga iku nora bisa madeg dhewe-dhewe, kapara kudu padha lung-tinampan.

4) Janma tan bisa nggayuh kamardikan
karana kendel datan makarti,
uga tan bisa nggayuh kasampurnan
karana nyingkiri karya.

Ana panganggep manawa jroning nggayuh kamardikan kudu nilar sakabehing tumindak dimen luwar saka kunjaraning pituwas. Samono uga kanggo nggayuh kasampurnan, manungsa kudu nyingkiri sakabehing pakarti, amrih pituwas datan ana, saingga ana tetembungan “Nora perlu makarti, yen wus jatahe bakal teka dhewe”.

Dudu mangkono kang dadi karsane Kresna ! Kamardikan ing kene dudu mardika tanpa karya, nanging mardika saking pangiketing karya iku dhewe. Lan, Kasampurnan kang den karepake yaiku ora kudu sumingkir saka pakarti, nanging sumingkir saka nepsu lan pepinginan pikantuk pituwas karya.

5) Tan ana kang datan makarti
sanadyan hamung sakedheping netra
Karana kanthi tanpa daya manungsa
tinitah makarti dening Jangkaning Jagad.

Salawase urip ing donya, manungsa datan bisa uwal saka tumindak. Mikir iku ya tumindak, mlaku lan makarti iku uga tumindak. Cekak aose, urip iku sawijining tumindak. Manungsa tan bisa endha, dheweke nora bisa oncat saka prakara iki, saka sipat lan khukum prakriti (jagad).

6) Kang lungguh, meper pancadriyane
nanging ciptane tansah nrawang kanikmatan,
yektine bingung, nyelaki dhiri
lan den arani Sang Sankuni.

7) Nanging manungsa kang bisa ngendhaleni
pancadriya lan ciptane, he Arjuna
Lan makarti tanpa pamrih pribadi
yaiku Manungsa Tama.

8) Makartia kaya kang wus ginaris,
amarga obah iku luwih becik tinimbang mandheg.
Yen sira datan makarti
nyukupi urip bae tangeh kalakon.

Bisa bae manungsa ngeremake netrane amrih nora nyawang saliring kaendahan, uga nutup tutuke supaya ora mangan kang sarwa eco, nanging manawa maksih ngumbar pikirane lan pepingane nora den kendhaleni, dheweke bakal cabar anggone ngenebken sejatine “Laku”. Samono uga, bisa bae manungsa meper pikiran lan pepinginane, yen maksih ngumbar panca-driya, mula dheweke iku nora wruh apa sejatine Laku iku.

Meper pancadriya iku minangka pambukaning pamekak pikir lan pepinginan, utawa kanthi tembung liya, meper barang lair iku pambukaning meper barang kang batin.

Pamepering pancadriya dening pamikir iku banget piguna kanggo reresik jiwa saka nepsu lan pepinginan. Meper pancadriya ora teges kudu ninggal saliring tumindak. Ing kene piguna kanggo nggayuh manthering pakarti pancadriya marang tumindak lan pakarti kang jejeg.

Kanthi mangkono, pamikir bisa manther ing pakaryan lan bekti kang luwih sampurna datanpa mbutuhi dhiri priyangga. Pakarti kang mangkono iku nuwuhake kamardikan jiwa saka kunjaraning kadonyan.

Saben manungsa darbe jejibahan dhewe-dhewe. Para Wasis kudu ngamalake kawruhe jroning makarti, Satriya kudu nggenepi darmaning satriya, samono uga Sodhagar dadi babalung tumrap bebrayan gung, sarta Taruna kudu mangerteni yen minangka babalung tumrap nagara kang den gegadhang mengkone bisa mandhegani lumakuning tata praja samangsane purna para wredha.

Kresna medharake sejatine Laku marang Arjuna iki pamrihe dimen Arjuna mangerteni mungguh Laku kang kudu den lakoni minangka jejering sa¬triya, amarga sawatara iki Arjuna maksih bingung, sedhih, rumangsa dosa. Bisane mangkono karana Arjuna durung bisa milahake, pundi Lakun¬ing Satriya, lan pundi Lakuning Brahmana.

9) Kajaba kanggo panjangka bekti,
donya iki kinunjara dening Kodrat Pakarti.
Mula, makartia kanggo ngabekti
tanpa pamrih pribadi, he Kunthiputra.

Sakabehing isen-isening jagad iku kinunjara dening kodrat pakarti. Nanging, manawa pakarti katindakake tan kasampiran panjangka pribadi, yaiku hamung kanggo bekti lan ngabdi, mula kunjara tan kuwawa nguwasa¬ni manungsa.

10) Nalika samono Pengeran nitahake manungsa
kinanthen kodrat lan paring dhawuh :
“Kanthi iki sira bakal nurunake brayat
lan iki sapi minangka panguripanira”

11) Mula, memujia mring Jawata
mugyantuk berkahing Dewa.
Kanthi tepa salira kang mangkono
sira wus ngregem Kawicaksanan Jati.

Manungsa lan sagung titah kudu manembah marang Pengeran, amarga seja¬tine Pengeran nitahake manungsa iku hamung supaya manembah marang Panjenengane. Yektine, manembah marang Pengeran iku kanggo manungsa iku dhewe, lan dudu butuhe Pengeran. Pengeran datan luwih agung manawa kabeh titah tansah manembah, lan nora dadi luwih asor lamun kabeh titah lirwa ing sembah, amarga Pengeran iku Maha Agung saka Karsane. Tan ana daya kang bisa mrabawani Panjenengane.

Ora kena ora, manungsa kudu manembah, amarga Urip, Panjangka, Pakarti, Pituwas, Begja lan Cilakaning manungsa iku paparinging Pengeran. Manungsa hamung nduweni siji prakara yaiku pamilih, milih tumindak utawa mandheg, milih menggok utawa jejeg, milih abang utawa ijo. Pikolehe manungsa wujud begja utawa cilaka iku paparinging Pengeran, lan karana pamilih iku mau. Manawa bener pamilihe, kabegjan pikolehe, lan manawa luput ing pamilih ambabar kacintrakan. Manungsa hamung ngu¬paya, Gusti kang wenang maringi. Manungsa Tama hamung nyandhang dwi rasa, Sukur ing kabegjan lan Narima ing panandhang. Luwih utama manawa janma bisa tansah Sukur ing lelorone. Manembah iku yektine mujudake rasa Sukur tumrap apa kang wus den tampa.

Dadi, pakarti iku mesthi, sembah iku kedah. Makarya nemu nugraha, yen lirwa ing sembah uripe sajatah, temen ing sembah uripe turah. Janjine Pengeran, sapa manembah bakal ngrasakake urip kang luwih becik ing donya lan wurine. Kanthi tembung liya, Pengeran bakal peparing marang manungsa, Pengeran bakal peparing kathah marang manungsa kang manem¬bah. Dene wujude sembah iku ana patang prakara :
1. Sembah Raga,
Sembah raga iku pakartine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, katindakake ing wektu kang ajeg, wantu wataking lalakon. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dhingin ajeg lan taberi, pikolehe nyenyeger badan mrih kaot.
2. Sembah Cipta,
Sesuci tanpa banyu, amung nyunyuda hardaning kalbu, pambukane tata titi ngati-ati, atetep telaten atul, tuladhan marang waspaos. Gagare ngungar kayun, ngayun-ayun, bangsa nganggit yen ginigit nora dadi, marma den awas lan emut, mring pamurunging lalakon.
3. Sembah Jiwa,
Sayekti luwih perlu, ingaranan pupuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan awas emut, mring alaming lama amot. Kaleme mawa limut kalamatan jroning alam kanyut, sanyarane iku kanya¬tan, sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa amor.
4. Sembah Rasa,
Sembah rasa karasa wosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan kasih batos. Meloke ujar iku yen wis ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel marang ing takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.

12) Amarga kanthi pamujanira
Jawata arsa paring berkah mring kabagyanira,
Lan sapa kang nora narima marang nugrahaning Dewa
sejatine patrape pandung.

13) Kang becik dhahar sawise upacara ngabekti
bakal kalis saliring dedosa,
yen nyamaptakake dhedhaharan hamung nyukupi dhiri pribadi
mangkono iku tegese nguntal dedosa

14) Karana pangan, titah urip
karana udan, tetedhan tuwuh
karana bekti, tumurun udan
lan bekti iku dumadi saka karya

15) Kawruhana, dumadine karya iku saka Pengeran
Pengeran ya Kang Maha Tunggal.
Mula Pengeran kang nyakup sakabehe
tansah mapan sumandhing mring bekti.

16) Kang datan melu ngubengake rodhaning urip
tansah urip jroning dedosa
ngumbar hardaning nepsu, he Parta
iku urip muspra yekti.

Rodhaning urip kadya cakramanggilingan, lir gumanti antarane begja lan cilaka, bungah lan susah, tan ana pedhote. Rodhaning urip lumaku karana Jagad Alit lan Jagad Ageng lumaku bebarengan. Kang sinebut Jagad Alit yaiku manungsa, dene Jagad Ageng yaiku Bumi, Langit lan saisine utawa Alam. Manungsa lan Alam, lelorone nduweni gandheng-ceneng kang tan kena kapilahake. Manawa Budining Manungsa rusak datan mrabawani Alam, nanging rusaking Alam nemahi uriping manungsa abosah-baseh.

Pancen, agawe rusaking alam iku dudu tindak angkara, nanging iku pakartine janma cubluk. Lire, ngrusak alam iku ya ngrusak dhirine dhewe. Mula, datan ana prayogane manungsa makarti kang bisa agawe rusak mring alam. Yektine, nora ana manungsa kang tumindak luput, kang ana yaiku manungsa kang tumindak bener nanging durung pener.

17) Nanging kang tansah ngabdi ing Jiwa
lan narima peparing-Nya,
bagya urip kalayan Jiwa,
tan maneh kaiket ing karya,

18) Dheweke makarti tan mamrih pituwas
tan rumangsa kelangan yen nora makarti
datan gumantung mring sing-singa
murih pikantuk pituwas apa bae.

19) Mula tindakna sabarang karti
minangka kawajiban tanpa bebathen,
amarga karya tanpa bebathen
mapanake manungsa ing kamulyan yekti.

20) Kanthi pakarti mangkono,
Janaka lan Para Satriya ngancik kasampurnan.
Murih kamulyan lan kaluhuran ing donya
sira uga kudu nindakake kawajibanira.

Manungsa kang sabar lan narima jroning bekti sarta rila ing pangorbanan bakal luwar saka pangiketing karya, manunggal lawan Pengeran wusana nggayuh kamulyaning urip. Pakarti kang yekti luhur, iku manawa katindakake tanpa nggegadhang nugraha pribadi. Uga, pakarti kang kinanthen pangorbanan minangka tandha bekti, iku luhur kalangkung tinimbang karya kang maksih kasampiran mareming pribadi. Amarga kabeh iku ngentasake manungsa saka samudra pasucen sarta kasampurnan cipta lan jiwane.

Pakartine manungsa luhur tansah nindakake kawajibaning urip hamung mamrih kabagyan lan kamulyaning bebrayan agung kanthi laku milujengake jagad saka ubaling angkaramurka. Prabu Janaka, raja Mithilanagri ya sudarmane Dewi Sinta, pantes sinudarsana. Rasa ‘’Ingsun” lan “Kagungan ing-Sun” wus aluwaran. Saka iku, rikala kraton lan saisine kerem ing samudraning dahana, kang kawedal ing lesan “Datan ana kagungan-ku kang kobong !”

21) Samubarang pakartine Manungsa Tama
para janma tut ing wuri,
Samubarang tuladhane
dadi panutan titah ngakathah.

Manungsa lumrah tansah tut wuri lakuning janma pinunjul wiwit jaman biyen mula. Janma pinunjul mangkono linair supaya nggawa pepajar tumrap pamikir lan titah ngakathah jroning urip ing donya. Ana kang linair dadi Bhagawan, Pendheta, uga dadi Nabi kang kabeh iku minangka panutan tumrap manungsa kang urip ing jagad.

22) Tan ana pakarti kang kudu Ingsun tindakake
tan ana pituwas kudu Sun jangka
ing Triloka, he Parta
nanging Ingsun tansah makarti,

23) amarga, Parta, manawa Ingsun
ora tansah makarti, tan ana pituwas.
Janma ing sadhengah papan sadhengah prakara
bakal tut wuri lampah Ingsun.

24) Manawa Ingsun kendel ing karya
lebur tanpa dadi jagad iki,
lan Ingsun minangka Marganing Karusakan
nyirnakake sadaya titah.

Ing kene Kresna minangka Utusaning Pengeran ngandharake manawa Dheweke nora darbe panggayuh babar pisan, kajaba hamung mamrih bisa mujudake lan nuduhake pakartine manungsa tumuju marang kasampurnan lan kamulyan langgeng sarta nggulawenthah jagad lan njaga amrih kalis ing kasirnan.

25) Kaya si cubluk makarya amarga nugraha,
mangkono samesthine kang wasis makarya
nanging datanpa pamrih pribadi, he Bharata
kajaba muhung raharjaning manungsa.

26) Haywa manungsa kang wicaksana
mbebingung si cubluk makarya angangsa,
kajaba hamung andulu kang pada makarya
sinambi weh tuladha makarya bekti.

Kresna arsa aweh pepeling manawa para janma kang wicaksana aja nganti mbebingung lan gawe kendho kapitayane manungsa kang cupet kawruhe. Amarga, sanadyan para manungsa iku datan wasis nanging nora bisa selak saka rasa tanggungjawab marang pakarti, pangabekti lan katresnane dhewe-dhewe. Bisa bae amarga cubluk, satemah makarti kang nalisir saka angger-angger. Marang kang mangkono iku perlu piwulang lan panun¬tun amrih jejeg laku lan pakartine. Kawruhana, tumrap manungsa kang mangkono iku, kapitayan marang Pengeran luwih kandel katimbang pra¬cayane marang sapadha-padha. Lan, amrih manungsa bisa nyandhang budi kang luhur, nora bisa ginayuh ing sakedheping netra nanging kedah den upaya kanthi sathithik mbaka sathithik satemah kalakon jangkane.

27) Sadhengah karya karana Guna
nanging kang peteng pikire
karana kasaput ing rasa kumingsun,
panganggepe : “Ingsun iki sang pakarti.”

28) Nanging tumrap kang wruh, he Mahabahu
bedane Jiwa lan sipat guna,
eling manawa Guna hamung mrabawani mring Guna
lan kalis ing pangiketing pituwas karya.

29) Kang kentir ing apus-kramane guna
kinunjara ing pepinginan kang dadi pikolehe.
Tumrap kang wruh, haywa sira njlomprongake
kang cupet ing kawruh.

Guna (sipat/watak) iku watesing kamardikan kang tuwuh amarga anane lair lan swasana kanan-kering kang bisa mageri. Kawruhing manungsa bisa mahanani megar utawa mingkuping kamardikan kang winatesan guna iku mau. Kawruh mangkono bisa rinegem amarga pakarti sasuwene urip, kayadene dumadine jagad iki amarga ana mobah-mosiking wuwujudan sarta owah-gingsiring kahanan kang kabeh mau sangkane saka Kang Maha Tunggal.

Manungsa kang nora mangerteni sejatining Guna, sagung pakartine kasam¬piran panjangka lan pikolehe digawe dhewe, nora luwih. Tumrap kang Wruh, bakal bisa luwar saka kunjaraning Guna kang tegese luwar saka pangiketing harda kang nguber nugraha.

30) Tumujua mareng Sun saliring karyanira
kanthi nering cipta mring Jiwa,
kalis ing nepsu pepinginan lan kumingsun
singkirna rasa miris, lan sigra sira amagut yuda !

Kresna minangka Utusan, medharake Pangandikaning Pengeran weh piwulang marang Arjuna, kinen sumarah ing sagung pakarti jiwane marang Jiwa kang mapan jro ragane. Kanthi pasrah kang mangkono, Arjuna bakal myumurupi manawa pribadine iku hamung sarana lan sejatine Sang Pakarti iku Jiwa, satemah jirih nora kasandhang maneh.

31) Kang tansah tut wuri piwulang-Ingsun
kanthi sawutuhe kapitayan
sarta kalis saliring wewujudan,
uga kalis ing kunjara karya

32) Kang mungkur ing piwulang-Ingsun
ora mung nyimpangi
uga ora ngrumangsani lan sirna kapitayan,
Kang mangkono, dheweke wuta ing kabecikan.

33) Ing kalane kang wicaksana tumindak
mituhu sipat-sipat kawicaksanan
uga titah samudaya mituhu kridhanya,
prakara kang pundi bisa rampung kanthi kaprawasa ?

Kresna ngrumangsani manawa akeh manungsa kang nalisir saka piwulang-Nya. Mangkono iku amarga saka sipat lan patrape manungsa dhewe, nadyan kang wasis apadene si cubluk. Manungsa mangkono iku maksih kinunjara dening sipat guna, mula akeh kang micara : “Aku nora bisa nindakake, amarga nora trep marang sipatku”, yekti kinunjara dening kadonyan saingga nora bisa dipeksa.

Sejatine, piwulang iku mau maksih bisa katindakake. Cipta lan karsa kudu den ner-ake murih kagayuh pamepering nepsu nganti mangsakala kang ing kono Rereget nora kasandhang dening Jiwa, nanging kapara Sesuci kang dadi Pakartining Jiwa.

34) Tresna lan serik marang sawijining pepinginan
mapan ing pepinginan iku dhewe,
Haywa sira asor dening lelorone
amarga leloro iku hamung pepalang yekti.

Krungu iku pakartine talingan, weruh iku darbeke netra. Bisa bae manungsa seneng utawa sengit marang kang kapireng lan kadulu, nanging kudu mangerteni manawa seneng utawa sengit iku mau amarga saka pangra¬sa jiwa. Manawa manungsa kinunjara dening tresna lan sengit, iku tegese manungsa kinunjara dening pangrasane. Ing kahanan mangkono iku, urip wus tanpa kiblat lan sirna ciptane, tan prabeda kaya satokewan. Pangrasa jiwa iku kang kedah den asorake.

35) Prayoga nindakake kawajibane dhewe
sanadyan tan sampurna rampunge
katimbang kawajiban liyan sanadyan kanthi becik
katimbang kawajiban liyan kang ngutawatiri.

Kresna arsa nyemoni Arjuna manawa aluwung njejaluk katimbang perang mrajaya kadang. Njejaluk ing kene tegese, nilar kadonyan lan teteki ngudi jatining bebener, dene nedha lan nginume kanthi ngranti pawehing liyan.

Kang mangkono iku nora dadi karsane Kresna, amarga Arjuna iku jejering Satriya, tegese dheweke duwe jejibahan kang kudu den ayahi jroning pabaratan, kayadene wong tani darmane nggarap tegal-sawahe, dwija darmane kanthi weh piwulang ing pasinaon, lsp. Manawa ana manungsa kang nilar kawajibane lan ngayahi pakaryaning liyan, bebrayan gung bakal kisruh, lan ing ngarsaning Pengeran ajining pikoleh saka darmaning manungsa iku hamung aneng greget bektine kang den papanake ing karya iku dhewe. Greget kang kapapanake ing karya iku nyuceni jiwa nyaketake mring kamulyan langgeng.

Arjuna tetanya :

36) Duh Warsneya, punapa ta
ingkang anjurung manungsa tumindak dosa
pakarti kang datan jumbuh ing sanubari,
kados-kados kanthi paksa ?

Miturut pamawasing Arjuna, manungsa asring rumangsa kapeksa nindakake sawijining pakarti kang kosokbalen kalawan kekarepane dhewe. Akeh manungsa kang makarti ala nanging nora bisa selak manawa jro atine rumangsa manawa tumindake iku luput, ewadene pakarti ala iku mau ya kudu den lakoni.

Sabda Sri Bhagawan :

37) Iku nesu, iku nepsu
tuwuh saka sipat guna
lelorone agawe sirna, hamung dosa yekti,
kawruhana, lelorone iku satru sejati.

38) Kadya geni kasaput ing kukuse
kadya pangilon kasaput ing lebu
kadya bayi jro guwa garba ibu
mangkono Jiwa kasaput ing nepsu

Ngendikaning para wasis, manawa nesu iku tuwuh saka nepsu, uga bisa kasebut loroning atunggal. Nesu iku dumadi amarga nepsu kang nora keturutan.

Ana gegambaran Jiwa kang kasaput ing sipat guna ( nepsu lan nesu ) miturut tatarane. Jiwa kang kasaput sipat guna nora pati kandel kagam¬barake Geni kasaput kukuse, manawa ana angin bakal sirna kukuse lan katon genine. Manawa sipat guna saya kandel, den ibaratake Pangilon kasaput lebu, tegese mbutuhake upaya kanggo nyingkirake lebu amrih pangilon bisa katon maneh. Dene, tumrap sipat guna kang kaliwat kan¬del, pindhane Bayi jroning guwa garba, amrih bayi lair kanthi wilujeng kudu ana upaya uga kudu sabar ngenteni titimangsa. Kawruhana, sipat guna iku dadi sandhanganing manungsa, mula tan ana manungsa kang luwar saka sipat guna. Iku tegese, upaya nyingkirake sipat guna ya kudu dilakoni.

39) katutup korining kawruh, Kunthiputra
tumrap kang wasis wicaksana
dening hawa nepsu kang yekti hangangsa
kang minangka satru satuhu.

Hawa-nepsu iku satru sejati tumrap manungsa. Tumrap manungsa kang cekak kawruhe, hawa-nepsu nora nggegirisi kaya kang rinasa dening manungsa kang wasis. Wong bodho den reridhu dening nepsune hamung sawatara, amarga dheweke nora pinter ngudhari ruwete. Nanging, wong wasis bakal langkung kasiksa dening ubaling nepsu. Amarga, saya den upaya nuruti hardaning nepsu, kepara ngambra-ambra nepsu ambrongot, ibarat geni digrujug lenga. Pancen, Nepsu iku satru sejati !

40) Pancadriya, wardaya lan cipta
iku minangka titihane,
kanthi kawruh wus kasaput nepsu
tuwuh jroning raga jiwa kang bingung.

Manawa nepsu wus nguwasani pancadriya, sabanjure bakal nguwasani ati, pepuntone ngasorake pamikir, satemah sirna sakabehe.

41) Saka iku, he Bharata kang prayoga
kapisan kendhalenana pancadriyanira
lan sirnakna nepsu kang adus dedosa,
panglebur sadhengah kawruh lan kabecikan.

42) Kang ngandharake pancadriya iku agung,
kang luwih agung yaiku ati
kang ngluwihi nurani yaiku kawaskithan
kang agung kalangkung iku Jiwa.

43) Dadi, nyumurupi yen Jiwa kalangkung agung
kanthi meper jiwanira kanthi Jiwa
sirnakna satru kang awujud nepsu
kang nora gampang den asorake, he Mahabahu

Ngendhaleni pancadriya, nurani lan cipta iku wajib. Nanging upaya kang mangkono iku datan bisa sapisan kajangkah. Rasa rumangsa kudu den wiwiti kanthi kawruh meper pancadriya, mekak pepinginan lan pungkasane ngendhaleni cipta.

Laku meper pancadriya iku dudu barang gampang, nanging yen wus kasil, iku dadi margane bisa ngendhaleni nurani lan ciptane amrih bisa nyu¬murupi manawa dhirine iku kalebu peranganing Jiwa kang langgeng. Pepuntoning laku, manawa nepsu wus bisa den kendhaleni bakal ginayuh katentreman jiwa.

kaentha dening:

Bangkit Riyowanto dalasan mbah Agus Wiyono

Sumber : Serat Bhagavatgita  dening Nyoman S.Pandit

BAB 4 (dereng dados )